Nov 27, 2017

Kumpulan Soal Bahasa Indramayu SMP Kelas 9 Semester Ganjil

Kumpulan Soal Bahasa Indramayu SMP Kelas 9 Semester Ganjil

Soal Bahasa Indramayu SMP Kelas 9 Semester Ganjil

Bagi bapak dan ibu guru SMP sebentar lagi akan memasuki akhir semester ganjil atau gasal, biasanya akan disibukkan dengan membuat soal untuk Ujian Akhir Semester (UAS) atau Penilaian Akhir Semester (PAS). 


Pada kesempatan ini saya akan berbagi soal-soal yang mungkin bisa dijadikan referensi untuk Penilaian Akhir Semester atau Ujian Akhir Semester khususnya pelajaran Bahasa Indramayu SMP Kelas 9 Semester ganjil. 


Berikut kumpulan Soal-soal Penilaian Akhir Semester Pelajaran Bahasa Indramayu SMP Kelas 9 Semester 1 :

I. Paringana tanda silang (x) dating huruf a, b, c,Utawi d teng Jawaban
                                                   (wangsulan Ingkang Leres)
KEWAN INGKANG SETYA
                     Manungsa Umumipun remen maring satoan.satoan ingkang dipun pelihara antawisipun kucing,kelinci,peksi,ugi wonten tiang ingkang remen dating segawon ( kirik).satoan punika newani diopeni ingkang leres katah sanget manfaate,malah saged mulang trima sareng majikane.

Salah setunggalipun wonten cerita jaman sengen teng indramayu,dipun ceriosaken wonten salah setunggal kuwu asmanipun pak dirja,pak kuwu dirja kelebet sodagar ingkang sugih,teng salah setunggalipun dinten pak kuwu angsul sadean saking Cirebon, sadeanipun pajeng sedanten,yatra angsal sadean ingkang katah dipun lebetaken teng kantong lapak,pak kuwu wangsul niti kapal ( jaran ) lan dipun kintil teng segawon peliharaane.sepados enggal dugi griya kepalipun diblandangaken .boten kraos malih pak dirja lan segawonipun sampun caket saking griya.

Nanging sesampunipun mlebet dating dusun majakerta,si sopla( name segawon ) nyegat mlampahnipun kapal kados nyukani uning ,nanging pak dirja boten ngertos,malah wiraos “ana apa sih sopla,bolak balik nyegati mlakune jaran  ? trus pak kuwu  wiraos malih “ sopla menenga,aja jejegog bae !“

Nanging sopla njegoge tambah seru,boten purun mindel  lan nyerimped mlampahnipun kapal malah si sopla nyokot sukunipun pak kuwu.pak kuwu tambah sewot,si sopla dicemeti supados mindel,nanging  sopla malah tetep jejegog lan nyokot malih sukunipun pak kuwu.

Karonten kesel pak kuwu akhire mendet pistol lan si sopla ditembak,ngantos ambruk namging mripatipun maksih ngingetaken majikane

Pak kuwu nerasaken perjalananipun,ngantos dugi griya,nanging sesampune dugi griya pak kuwu kaget karanten kantong yatrane boten wonten,pak kuwu wiraos cilaka yatrane ical.

Pak kuwu akhire sareng pembantune nyoba ngilari yatra ingkang ical teng margi ingkang di liwati sampe pak kuwu nemokaten si sopla ingkang sampun mati,nanging pak kuwu kaget sanget karanten kantong yatrane didekemi si sopla,sanajan sampun disakiti si sopla maksi nylametaken hartanipun majikane.

Pak kuwu muwun(nangis),menawi kemutan kesetyaan si sopla,ngraos getun sebab sampun mateni ingon-ingone.

1. Ingkang dados tokoh utama maring dongeng teng inggil,inggih menika…….
   a. pak kuwu dirja c. kapal ( jaran )
   b. sopla         d. pembantune pak kuwu
2. Amanah ingkang dipun sampekaken,yaiku……
   a. dados tiyang kedah ngati-ati boten pareng keburu nafsu.
   b. keduhung punika pasti kepanggih yeng wingking.
   c. manungsa kedah gadahi kasih saying maring sato kewan.
   d. manungsa punika kedah gadahi sifat mulang trima.
3. Nilai luhur ingkang wonten teng dongeng kewan ingkang setya,inggih menika…
   a. Gampil sewot,setya maring majikan.
   b. gadahi penyesalan karanten keburu nafsu.
   c. Mulang trima,setya,penggalih ingkang tulus,boten gadahi sifat pendendam.
   d. Ngraos keduhung karanten perbuatan sae dibales sareng angkara murka.
4. Latar dongeng eng inggil,inggih menika……
   a. griya c. pedusunan
   b.peken d. kota
5. Batik Indramayu,dipun sebat batik proletar karanten……
   a. Batik Indramayu lahir saking keratin.
   b. Batik Indramayu lahir saking tangane rakyat
   c. Batik Indramayu lahir saking pemerintah.
   d. Batik Indramayu lahir saking aparat desa.
6. Ingkang dipun wastani kutelan inggih menika………
   a. proses motong bahan sesuai ukuran 
   b. proses pewarnaan
   c. ngremdem kain teng campuran lisah kacang sareng awu merang.
   d. damel pola gambar / pola batik
7. Urutan / proses daml batik ingkang leres,inggih menika………….
   a. Bahan dipotong sesuai ukuran,ngrengreng,ngiseni,nerusi,nembok,mbaber,nglorod
   b. Ketelan,ngrengreng,nembok,nerusi,mbaber,nglorod.
   c. Bahan dipotong sesuai kebutuhan,nglorod,mbaber,nembok,nerusi,ngiseni,ngrengreng, ketelan.
   d. Bahan dipotong sesuai kebutuhan,ketelan,ngrengreng,ngiseni,nerusi,nembok,mbaber, nglorod.
8. Fungsinipun canting rongrong,inggih menika…………….
   a. kangge damel pola gambar/pola batik.
   b. kangge ngiseni pola gambar supados ketingal urip.
   c. kangge nutup pola gambar ingkang boten diparingi warna.
   d. kangge maringi warna teng batik.
9. Daerah pengrajin batik teng wewengkon Indramayu,Inggih menika…………………
   a. Trusmi,Cirebon,pekalongan,solo
   b. Terusan,pabean udik,penganjang,paoman.
   c. Trusmi,paoman,trusmi,panganjang.
   d. Terusan,Cirebon,pekalongan,panganjang.
10. Panambang wan,wati lan man teng andep puniki ingkang gadah arti sifat khususwonten datengukara……………………….
   a. Chairil anwar salh setunggal sastrawan Indonesia ingkang kawenter
   b. Dermawan teng dusun kula unggal tahun mbagekaken infak lan sodakoh teng fakir miskin
   c. Pak suryaman salah setunggal putrinipun dados polwan.
   d. Negarawan seasia tenggara siweg wontenaken konferensi teng Bali.
11. Perawagan lan perawati siweg meragakaken busana hasil rancangan Ivan Gunawan.
    Tembung peragawan lan peragawati gadahi arti………….
    a. Sifat khusus
    b. Keahlian dateng setunggal bidang
    c. Nyambut damel (profesi)dateng salah setunggal bidang
    d. Kesenengan dateng salh setunggal bidang
12. Asik kula diparingi yatra teng ibu.
    Tembung asyik kelebet dateng tembung…….
    a. sesulih      b. ancer-ancer c. panyila d. panguwuh
13. Wah ternyata sampean curang.boten adil wektos mimpin pertandingan
    Ingkang kelebet dateng tembung kahanan,inggih menika……………….
    a. wah      b. curang c.  wektos d. mimpin
14. Unggal enjing ibu ndukani kula karanten boten purun wungu enjing
    Ingkang kelebet dateng tembung kriya inggih menika…………………
    a. unggal enjing b. ndukani c. karanten d.boten purun
15. Tembung ingkang nerangaken gandengan tembung aran sareng tembung sanese dipun wastani……
    a. Tembung panguwuh c. Tembung Ancer-ancer
    b. Tembung Panyila d. Tembung sesulih
16. Tiyang sepuh punika kedah saged dados……..maring tiyang ingkang langkung enem
    Tembung seroja ingkang tepat kanggo nyampurnakaken ukara rampung teng inggil,Inggih menika……
    a. Tepa palupi b. Gilir gumanti c.Lir pendah d.Suba sita
17. Aja kaget ning dunya iku…………Sekiyen sengsara,besuk seneng.
    Tembung seroja sing tepat kanggo nyampurnakaken ukara ning duwur,yaiku,……….
    a. Tepa palupi b. Gilir Gumanti c. Lir Pendah d. Suba sita
18. Sanajan badane gede duwur nanging atine wadeg glebung
    Tegese sanepa wadag glebung,yaiku…………………………..
    a. ciyut pisan b. kaku pisan         c. lunyu pisan d.alus pisan
19. Kue bolu damelane yayu suniti atos gedebog.
    Tegese sanepa atos gedebog,yaiku……………………………
    a. empuk pisan b. enak pisan c. akeh pisan d. tipis pisan
20. Tanggal 9 Desember 2015 teng wilayah Indramayu dipun wontenaken pilkada.
    Ukara teng inggil kelebet dateng ukara……………………….
    a.warta         b. tandang         c. sambawa d.pamenging
21. Ukara teng andep puniki ingkang kelebet dateng Ukara pamenging inggih menika…..
    a. Wau dalu sampeyan saking pundi ?
    b. Mugi-mugi mawon kepanggih sareng tiyang sepuh.
    c. Boten pareng guyonan mawon menawi siweg ngaos
    d. Belajara ugi angger mawon menawi kirang konsentrasi boten bakal saged.
22. Ukara ingkang gadahi maksud/arti pengarep-arep,sanajan,umpama/lamunan dipun wastani..
    a. Ukara Pitakon b. Ukara Pamenging c. Ukara Tandang d.Ukara Sambawa.
23. Ingkang dipun wastani,guru wilangan inggih menika……
    a. Dongdinge swra ning akhire gatra
    b. Cacahing wanda/ jumlah suku kata saben gatra
    c. Ukara sepada lingsa ning tembung
    d. Jumlah baris unggal bait.
24. Dr.R.M.Ng.Purba caraka mbagi kesusastraan jawa dadi telung golongan yaiku…..
    a. Kesusastraan jawa kuno,jawa tengahan,jawa timur
    b. Kesusastraan jawa kuno,jawa modern,jawa tengah
    c. Kesusastraan jawa kuno,jawa tengahan,jawa anyar
    d. Kesusastraan jawa barat,jawa tengahan,jawa timuran.
25. Pucung,mijil,durma,pangkur,dhangdhang gula,mas kumamdang,kinanti,asmarandalan sinom kepanjing tembung……
    a. macapat b. gede c. tengahan d. Jawa kuno
26. Ingkang nganggit/ngarang buku Negara kertagama,inggih menika……
    a. Empu tantular b. Empu prapanca c. Empu kanwa d.Empu walmiki
27. Pusate kesusastraan jawa anyar,Inggih menika………………………
    a. Jawa timur b. Bali c.Jawa Wetan d.Jawa Tengah
28. Tembang ning kesusastraan jawa kuno,yaiku……………………….
    a. kakawin         b. kidung c. macapat d. gede
29. Tetembungan utawa unen-unen sing kanggo ngartiaken angkane taun diarani……….
    a. Candra sengkalan b. Surya sengkalan c.Sengkalan lamba d.Sengkalan
30. Sengkalan sing dasare tahun jawa diarani……………………………
    a. Candra sengkalan b. Surya sengkalan c. Sengkalan lamba d. Sengkalan memet
31. Sempurnakaken sengkalan ning sor ikih nganggo tembung sing tepat!
    Tahun 2015 =  Nata Bumi……… Paningal
    a. Songsong b. Sirnaning c.Asthaning d.Gunaning
32. Swara angin gapuraning ilmu
    Sengkalan punika nuduhaken tahun……………………..
    a.7593 b. 7395 c.3795 d.3957
33. Sing Kepanjing sandangan mandaswara yaiku…………………..
    a. cakra,keret,pengkal c. Cecak,layar,wignyan
    b. pangkon,cakra,wulu d. Wulu,pepet,taling,taling tarung

38. Dados lare isteri punika boten pareng gemujeng mawon
    Basa ngokone gemujeng yaniku…………………………………….
    a. nyengir b. gemuyu c.ngomong d.gecekan
39. Sing wingi kita nggoleti sira.
    Bebasan / Kramae nggoleti yaiku……………………………….
    a. Madosi b. Nyambut c. Maringi d. Ngampil
40. Sedurunge belajar sira kudu maca doa dingin
    Basa kramane ukara ning duwur,yaiku………………………….
    a. Sesampunipun belajar sampeyan kedah maos doa rumiyin
    b. Sesampun belajar dika  kedah ngaos doa krihin
    c. Sedurunge belajar sampeyan kedah ngaos doa rumiyin
    d. Sederenge belajar sampeyan kedh maos doa rumiyin

II. JAWABLAH
41. Seraten motif batik Indramayu paling sekedik gangsal  !
42. Udalen ukara teng andep puniki miturut jenisipun tembung
      - Benjing dalu teng griyanipun kula dipun wontenaken marhabanan
43. Seraten ngangge aksara jawa !
    “ sumber rejeki “
44. Jelasaken bedane candra sengkalan karo surya sengkalan
45. Salinen ngangge bebasan / basa krama
    “ Wong tuwane kita lara weteng wis olih patang dina”



Kumpulan Soal Bahasa Indramayu SMP Kelas 9 Semester Ganjil
4/ 5
Oleh
Add Comments

Silakan berkomentar dengan menggunakan kata-kata yang baik dan sopan tanpa spam
EmoticonEmoticon