Soal dan Kunci Jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 7 Kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020
Dec 4, 2019
Soal dan Kunci Jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 7 Kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020 – Soal Penilaian Akhir Semester (PAS) sangat berarti bagi bapak dan ibu guru untuk dijadikan referensi pada saat Penilaian Akhir Semester tahun berikutnya.
Pada kesempatan ini kami akan berbagi soal, dan kunci jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 7 semester ganjil kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020, serta dilengkapi dengan kisi-kisi penulisan soalnya.
Berikut Soal dan Kunci Jawaban Penilaian Akhir Semester (PAS) Bahasa Indramayu SMP Kelas 7 Kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020 :
I. Sukani tanda silang (X) aksara A, B, C, utawa D teng wangsulan ingkang leres!
Wacana
TRESNA LINGKUNGAN
Kita kabeh kudu ngucap syukur, sebab alam nusantara iku endah, subur lan nyenengaken.Tanduran, sato kewan, lan lingkungan kayadene lemah, banyu, geni lan hawa kudu dijaga. Baka dipiara utawa diopeni kalawan bener bakal nguntungaken lan ngasilaken.wong-wong bisa urip, jagjag,aman, aman, ayem, tentrem, gawe betah betah lair lan batin.
Apa sing diarani tresna lingkungan iku?
a. Lingkungan urip, yaiku kabeh sing ana sekubenge menungsa lan ana hubungan timbal balike.
b. Indonesia kawentar minangka paru-parune jagat. Sebab Indonesia duwe alas rungkud lan ngasilaken oksigen sing akeh. Indonesia akeh tanduran lan sato kewan sing khas, contone tanduran kayu cendana, uwit matoa, manuk cendrawasih, orang utan, komodo lan sejen-sejene.
c. Ekosistem aja kungsi rusak, kudu dijaga lan diopeni kayadene kawasan Gronggong Cerbon lan Gunung Cerme, katon alase sing ijo royo-royo lan subur.ana maning pulo menyawak sing minangka kawasan wisata bahari ning Dermayu.
d. Alam sing bagus lan asri iku kudu dieman, dipiara, ditresnani, dijaga lan dilestarikaken. Rasa seneng lan tresna ning alam lan lingkungan kudu dicukulaken sing awit sekiyen. Ambir pada rumasa lan raa nduweni lan tanggung jawab lestarine alam Indonesia. Tresna lingkungan uga nduweni arti tetep njaga alam Indonesia minangka paru-parune duny sing pancen akeh mupangate kanggo makhluk urip selawase. Sing luwih penting maning yaiku wujud sukur ning Gusti Allah Kang Maha nyiptakaken alam lan seisune.
Dijukut saking buku Blajar Basa lan Sastra Cerbon-Dermayu SMP Kelas VII
1. Wacana ning duwur njelasaken tentang …
A. Lingkungan mati
B. Tresna menusa
C. Wong urip
D. Lingkungan urip
2. Alam Indonesia kudune ...
A. Didelengaken lan diumbaraken ambir tambah mekar
B. Ditresnani lan dienggoni dewek sampe entok kabeh
C. Dijaga lan diawasi toli didol ambir olih duwit akeh
D. Dipiara, dijaga, dimangpaataken lan dilestariaken
3. Wacana ning duwur dijukut sing sumber ...
A. Penjebar Semangat no 17-4-2013
B. Buku Bahasa Indramayu
C. Buku kumpulan cerita
D. Buku blajar lan sastra Cerbon-Dermayu SMP
4. Aran Sato kewan contone ...
A. Klinci lan Maribang
B. Cendana lan Puyuh
C. Cendrawasih lan Kalkun
D. Bonteng lan bligo
5. Apa arti tembung rungkud sing ana ning wacana duwur?
A. arang
B. separo
C. pragat
D. lebat/ketel
6. Apa arti tembung kawentar sing ana ning wacana duwur?.
A. Keceluk/terkenal
B. kagok
C. mliara
D. lawas
Pulo Menyawak
Pulo menyawak wis dibangun cottage-cottage kanggo nginepe para wisatawan local utawa manca Negara, sejene iku kanggo penelitian ilmiah biota-biota laut sing ana ning kono. Alase pulo menyawak baka wulan Agustus September sering ditekani manuk-manuk migrasi sing negara Australia, yaiki manuk pelican, cangak ireng, jalak claret biru lan sejen-sejene, tengere manuk-manuk sing migrasi iku ana tengere, yaiku sing sikile ana gelange, artine manuk-manuk iku dilindungi, dadi bli kena tempak utawa dipiara.
7. Kawasan wisata bahari sing ana ning indramayu yaiku ...
A. Pulo Menyawak
B. Gunung Cerme
C. Kawasan Gronggong
D. Kawasan Guci
8. Cirine manuk-manuk sing dilindungi hukum yaiku baka ...
A. Manuke diupai aran
B. Dijaga lan dikurung
C. Sikile ana gelange
D. Diumumaken ning televisi
9. Arti tembung wastani yaiku ...
A. kita
B. diarani
C. urip
D. nggadahi
10. Tari (igelan) Topeng Cerbon minangka kesenian asli daerah .... kejaba ...
A. Dermayu
B. Cerbon
C. Losari
D. Tegal
11. Macem nipun topeng cerbon dermayu wonten pinten?
A. kalih
B. tigo
C. sekawan
D. gangsal
12. Topeng kang nggambaraken wujud menusa sing tembe lair lan dianggep masih suci yaiku ...
A. Topeng Rumyang
B. Topeng Tumenggung
C. Topeng Panji
D. Topeng Samba
13. Topeng kien arane topeng ....
A. Topeng Samba
B. Topeng Rumyang
C. Topeng Panji
D. Topeng Klana
14. Wernane Topeng Tumenggung yaiku ...
A. Abang tua
B. Abang enom
C. Kuning
D. Putih
15. Prabotan Tari topeng sing kanggo tutup sirah, jamang lan sumping kiwe tengen arane ...
A. Binggel
B. Sobra
C. Boro
D. Kedok
16. Sing dadi Maestro tari topeng asal Cerbon yaiku ...
A. Ibu Sarwiti
B. Mimi Rasinah
C. Ibu Sawitri
D. Mimi Rasinih
17. Sing dadi maestro tari topeng asal Dermayu tepate desa pekandangan yaiku ...
A. Ibu Sawitri
B. Mimi Rasinah
C. Ibu Sarwiti
D. Mimi Rasinih
18. Ning Esor jenise gamelan sing ngiringi tari topeng.Kejaba ...
A. Bonang
B. Itar
C. Saron
D. Titil
19. Lagu kembang kapas kanggo ngiringi tari topeng ...
A. Topeng Panji
B. Topeng Tumenggung
C. Topeng Rumyang
D. Topeng Samba
20. Parikan lamun ning basa Indonesia diarani ...
A. Puisi
B. Pantun
C. Karangan
D. Sajak
Conto Parikan
Pitik cilik
Notol upa
Aja sirik
Gawe dosa
21. Guru lagu utawa sora vokal parikan ning duwur yaiku…
A. ng, ng, ng, ng
B. g, g, g, g
C. a, b, a, b
D. a, a, a, a
22. Parikan ning duwur nganggo pola parikan…
A. 4 wanda + 4 wanda – sampiran
4 wanda + 4 wanda – isi/maksud
B. 8 wanda + 8 wanda – sampiran
8 wanda + 8 wanda – isi/maksud
C. 4 wanda + 8 wanda – sampiran
4 wanda + 8 wanda – isi/maksud
D. 8 wanda + 4 wanda – sampiran
8 wanda + 4 wanda – isi/maksud
23. Ukara sing kepanjing isi ning parikan duwur yaiku …
A. Pitik cilik
Aja sirik
B. Aja sirik
Gawe dosa
C. pitik cilik
notol upa
D. notol upa
gawe dosa
24. Ning sejerone parikan, lirik siji lan loro diarani ....
A. Isi
B. Sampiran
C. Pitakon
D. Sambungan
25. Ingkang kelebet ukara pitakon teng andap yaiku ....
A. Punapa mawon sing dibakta?
B. Pendetaken pulpen kula!
C. kula siweg dahar
D. muga-muga kula angsal rezeki
26. Ingkang kelebet ukara pakon/kongkon teng andap yaiku ....
A. Punapa mawon sing dibakta?
B. Pendetaken pulpen kula!
C. kula siweg dahar
D. muga-muga kula angsal rezeki
Remaja lan Pendidikan Karakter
Masa remaja yaiku masa peralihan sing masa bocah-bocah lan masa dewasa. Ning masa-masa iku secara pisik remaja ngalami perkembangan ning kabeh aspek. Ngalami perkembangan lan mekar awake, pikirane, tingkah lakune, wawasane uga kemampuane, nyebabaken akeh persoalan sing kudu diadepi,kaya masalah psikologis. Kanggo ngadepi bab iku, diperluaken pendidikan karakter.
27. Jenis wacana ning duwur kepanjing wacana ...
A. Persuasi
B. Eksposisi
C. Deskripsi
D. Narasi
28. Iklan kang sifate sosial,ana hubungane karo kegiatan pendidikan,penerangan, keagamaan, pariwisata diiarani iklan ...
A. Iklan layanan masyarakat
B. Iklan komersial
C. Iklan dagangan
D. Iklan Politik
29. Miturut penampilane, seni reklame dibagi 3 yaiku ... kejaba ...
A. Reklame audio
B. Reklame Audio visual (video)
C. Reklame visual
D. Reklame ning jero ruang
30. Wangsalan kebagi pirang golongan?
A. 7
B. 6
C. 5
D. 4
31. Wangsalan cindek utawa pedinan uga diarani wangsalan ...
A. Bebas
B. Kesusun
C. lamba
D. Rangkep
32.Wangsalan sing duwe arti rangkep yaiku …
A. wangsalan lamba
B. wangsalan rangkep
C. wangsalan wutuh
D. wangsalan sinawung ukara
33. Wangsalan sing nduweni patokan urutan ukara, akehe wanda lan arane purwakanthi yaiku diarani wangsalan ...
A. wutuh
B. Sinawung tembung
C. Rangkep
D. Sawarnane
34. Masih esuk wis ngembang duren, nangapa?, artine dlongop. Wangsalan mau kepanjing wangsalan ...
A. cindek, pedinan
B. rangkep
C. wutuh
D. sinawung tembung
35. Sing kepanjing wujude ater-ater lingga andahan yaiku ....
A. M, n, ny, ng
B. Um, er, el, in
C. Di, tek
D. Sa, pa, pi, pra, tar, mar
36. Ning esor ukara sing kepanjingan ater-ater lingga andahan yaiku ....
A. Bocah sing juara iku gedene sekita
B. Ira lagi nganggo sepatu
C. Dina kiaen dina selasa
D. Kita lagi mangan martabak
37. Terkadang para prajurit pada latihan perang-perangan, ukara mau kepanjingan wujude ater-ater lingga andhahan yaiku ...
A. Sa dan pa
B. Tar dan Sa
C. Tar dan pra
D. Tar dan Pi
38. Darkim sareng rencange tumbas es tebu teng peken hargine kalih ewu gangsalatus. Tembung ingkang dicitak kandel upami disalin teng angka dados ...
A. 4500
B. 2300
C. 3000
D. 2500
39. Siti teng griya gadah pitik katah, sedanten wonten 27 pitik. Angka sing dicitak kandel lamun disalin teng angka krama dados ...
A. Pitung dasa
B. Kalih pitu
C. Kalih dasa pitu
D. Pitung dasa kalih
40. Tobat dendenge, sega gorenge,
mie rebuse daginge gede-gede
Aduh kopie, tobat bukete
aduh manise persis kaya pelayane.
Penggalan lagu ning duwur nduweni judul ...
A. Sumpah Suci
B. Warung pojok
C. Gadis Indramayu
D. Bapak pucung
II. Wangsulana pitakon-pitakon teng andap niki!
41. Ukara ngesor iki salin nganggo basa bebasan/krama!
“Rohman miyang meng sawah karo bature”
42. Sebutaken aran-aran topeng ning esor!
43. Sebutaken lima gamelan sing ngiringi tari topeng!
44. Gawea parikan pola 4 wanda + 4 wanda = sampiran, 4 wanda + 4 wanda = isi/Maksud!
45. Tulisaken telung contoh sikap sopan santun ning guru!
pangapunten. pundi kunci Jawabane
ReplyDeletepunten. nyuwun kunci jawabane
ReplyDelete