Jan 3, 2022

Soal PAS Bahasa Indramayu Kelas 7 SMP Tahun Pelajaran 2021/2022

Soal PAS Bahasa Indramayu Kelas 7 SMP Tahun Pelajaran 2021/2022



Soal PAS Bahasa Indramayu Kelas 7 SMP Tahun Pelajaran 2021/2022 -  Soal Penilaian Akhir Semester (PAS) sangat berarti bagi bapak dan ibu guru untuk dijadikan referensi pada saat Penilaian Akhir Semester tahun depan.


Pada kesempatan ini kami akan berbagi soal, dan kunci jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 7 kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2021/2022, serta dilengkapi dengan kisi-kisi penulisan soalnya.


Berikut Soal dan Kunci Jawaban Penilaian Akhir Semester PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 7 Kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2021/2022 :

 

I. Pilihen jawaban sing bener kelawan milih huruf A,B,C dan D sing ana ning arep jawaban


Lemah tamba

Raden walangsungsang putra sing prabu silliwangi bari ratu subang larang, bli ngomong maning lunga ninggalaken Keraton Pejajaran, tujuane pengen luru ilmu uga ingin belajar syariat Islam tambah jero maning. Sebenere prabu siliwangi nglarang Raden Walang sungsang, tapi sebab wis janji nyaguhi amanat ibune sedurung ninggal. Mulane sukikine Kraton Pajaran geger sebab Raden walangsungsang lunga tampa pepoyan.


Raden walangsungsang bari istri lan adine nerusaken mlakune nuju ning peguron Gunung Jati. Sebab ngrasa kesel lan perlu ngaso, sebab dalan sing diambah cukup adoh, pada leren ning esor uwit gede. Ning kono kelingan pesen lan nasehate sang ibu. Pesene baka Nyai mas Ratu Subang Larang baka kesel utawi ngalami lara, cukilen lemah bari Kujang Pusaka, lan baluraken ning awak sing rasa lara utawa pegel, Insya Allah rasa pegel lan lara bakal ilang, lan arep mancur banyue sewise kujang pusaka di cublesaken ning lemah.


Pademangan cikujang seteruse diganti arane dadi “Lemah Tamba”. Lemah pada bari tanah, tamba pada bari obat. Dadi lemah tamba nduweni arti lemah sing bisa kanggo nambani, sampe sekiyen.

1. Ning wacana cerita asal-usul desa, sapa tokoh sing diceritakaken......

A. Prabu Siliwangi

B. Ratu Subanglarang

C. Raden Walangsungsang

D. Pangeran Wiralodra


2. Apa tema wacana cerita ning duwur.....

A. Prabu Siliwangi

B. Ratu Subanglarang

C. Lemah ireng

D. Lemah tamba


3. Siswa : wilujeng enjing bapak....

Guru : wilujeng enjing para siswa, dina kiyen bapak arep cerita bab kebudayaan. Sapa sing tahu nonton pagelaran tari topeng ning peringatan pitulas agustusan.....

Tembung “ wilujeng enjing” iku kanggo sapaan pas waktu esuk, baka sapaan kanggo waktu bengi yaiku....

A. Wilujeng siang

B. Wilujeng sore

C. Wilujeng sonten

D. Wilujeng dalu


4. PUCUNG

Bapa pucung dudu watu dudu 

gunung Menclok lambung kiwa

Cekalane kaya anjir

Pon digdaya bisa tambah jumantara


Guru lagu utawa swara vokal tembang macapat ning duwur yaiku.....

A. Ng,ng,ng,ng

B. G,g,g,g

C. A,b,a,b

D. U,a,i,a


5. Kembang jae laos 

Lempuyang kembange kuning 

Arep balik gage los

Arep balik gage los 

Arep balik gage los 

Sukiki menea maning


Penggalan lagu ning duwur nduweni judul.....

A. Sumpah suci

B. Turun-turun sintren

C. Warung pojok

D. Gadis Indramayu


Remaja lan pendidikan karakter


Masa remaja yaiku masa peralihan sing masa bocah-bocah lan masa-masa dewasa. Ning masa-masa iku secara fisik remaja mengalami perkembangan ning kabeh aspek. Ngalami perkembangan lan mekar awake,pikirane, tingkah lakune, wawasane uga kemampuane, sebab aken akeh persoalan sing kudu diadepi, kaya masalah psikologis.kanggo ngadepi bab iku di perlukan pendidikan karakter.


6. Jenis wacana ning duwur kepanjing wacana....

A. Persuasi

B. Eksposisi

C. Deskripsi

D. Narasi


7. Ning esor iki basa sing digunakaken kanggo basa pedinan, sanese yaiku....

A. Wong enom bari wong tua

B. Bocah sing beli weruh ning unggah-ungguh basa

C. Omong-omong bari sing sepantar lan wis kulina pisan

D. Wong tua bari wong enom


8. Ning esor iki basa sing di gunakaken kanggo basa bebabasan, sanese yaiku.....

A. Murid karo guru

B. Bocah karo wong tua

C. Bawahan bari majikane

D. Wong tua bari wong enom


9. Ingkang kelebet ukara pitakon teng andap yaiku....

A. Punapa mawon sing di bakta?

B. Pendetaken pulpen kula!

C. Kula siweg dahar

D. Muga-muga kula angsal rezeki


10. Sing diarani tembung “andhahan” yaiku.....

A. Tembung kang olih tambahan

B. Tembung kang masih utuh

C. Tembung lingga

D. Widya tembung


11. Terkadang para (jurit) pada latihan perang-perangan.

Tembung ning jero kurung baka di upai ater-ater sing pas yaiku....

A. Sajurit

B. Prajurit

C. Majurit

D. Pajurit


12. Sing kepanjing tembung lingga patang gatra yaiku....

A. Kereta

B. Sepur

C. Surabaya

D. Kursi


13. Bocah sing mau tiba iku duwure ( kita)

Tembung ning jero kurung baka di upai ater-ater hanuswara sing pas yaiku...

A. Bari kita

B. Sing kita

C. Sekita

D. Meng kita


14. Carma lagi (tulis) karangan

Tembung ning jero kurung baka di upai ater-ater hanuswara sing pas yaiku....

A. Nulis

B. Nulisi

C. Di tulisi

D. Tulisi


15. “Bu, kula bade tangled, menawi soal kalih niku pripun?”.....

Ukara teng inggil menawi di salin meng basa ngoko yaiku....

A. Bu, kita arep takon, baka soal nomor loro kuh pribe?

B. Bu, kita takon, baka soal nomor loro iku pribe?

C. Bu, kita takon, baka soal nomor telukuh pribe?

D. Bu, kita arep takon, baka soal nomor telukuh pribe


16. Ukara ngesor iki gantinen nganggo basa bebasan......

“Tembe telung wulan gedene wis lumayan”

A. Nembe tigang sasih agenge sampun lumayan

B. Nembe kawan sasih gedene sampun lumayan

C. Nembe tigang dinten gedene sampun lumayan

D. Nembe kawan dinten gedene wis lumayan


17. Apa aran pentil semangka......

A. Cempaluk

B. Jantan

C. Blibir

D. Plonco


18. Woh e jati di arani.....

A. Janggleng

B. Jambatu

C. Gandek

D. Polong


19. Woh e cengkeh diarani.....

A. Janggleng

B. Jambatu

C. Gandek

D. Polong


20. Titik-tik ning ukara iki upaih pribahasa sing pas.

Carma wingi tiba sing wit pete, sekiyen keseremped motor, pada bae.....

A. Endas pitak ketibak ampyak

B. Buntel kadut, ora kinang ora udud

C. Kaya olih emas segunung

D. Kaya kebo nusu gudul


21. Titik-titik ning ukara ngesor iki sempurnaaken bari tembung sing di sediakan ning ngesor.

Bocah iku.....beli nyenengaken

A. Prasetya

B. Martamu

C. Sadesa

D. Sapolahe


22. Titik-titik ning ukara ngesor iki sempurnaaken bari tembung sing di sediakan ning ngesor.

Wong sing dianggep gagah ....duwe kekuatan kaya samson

A. Sadesa

B. Martamu

C. Prakosa

D. Sebengket


23. Titik-titik ning ukara ngesor iki sempurnaaken bari tembung sing di sediakan ning ngesor. Wong-wong sing melu bela diri pada ngucapaken.....

A. Sadesa

B. Martamu

C. Prasetya

D. Sapolahe


24. Sandangan wulu O tanda munie......

A. E

B. U

C. I

D. O


25. Tembung “bola” lamun di tulis karo aksara jawa kudu....







II. Uraian


1. Apa sing diarani tembang macapat, lan sebut aken sing manjing tembang macapat iku apa bae?


2. Ukara ngesor iki gantinen kanggo basa bebasan

a. Baka sing cilik, kayane cukup seket bae

b. Baka umah sing wernane abang iku umahe sapa?


3. Ukara ngesor iki gantinen kanggo basa ngoko.

a. Bu, menawi buku niku tumbasepun teng pundi, kinten-kinten pinten reginipun?

b. Pak, napa jam setengah tiga siyos kesah teng Cerbon?


4. Apa arti peribahasa ning esor iki...

a. Anak polah bapa kepradah

b. Kacang beli ninggal lanjaran


5. Tulisen nganggo aksara carakan Cerbon-Dermayu

a. Sate

b. bule


Bagi Anda yang membutuhkan Soal PAS Bahasa Indramayu Kelas 7 SMP Tahun Pelajaran 2021/2022 silakan download disini 


Soal PAS Bahasa Indramayu Kelas 7 SMP Tahun Pelajaran 2021/2022
4/ 5
Oleh
Add Comments

Silakan berkomentar dengan menggunakan kata-kata yang baik dan sopan tanpa spam
EmoticonEmoticon