Dec 30, 2022

Soal PAS Bahasa Indramayu Kelas 7 SMP Kurikulum 2013 Tahun Ajaran 2022/2023

Soal PAS Bahasa Indramayu Kelas 7 SMP Kurikulum 2013 Tahun Ajaran 2022/2023



Soal PAS Bahasa Indramayu Kelas 7 SMP Kurikulum 2013 Tahun Ajaran 2022/2023 -  Soal Penilaian Akhir Semester (PAS) sangat berarti bagi bapak dan ibu guru untuk dijadikan referensi pada saat Penilaian Akhir Semester tahun depan.


Pada kesempatan ini kami akan berbagi soal, dan kunci jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 7 kurikulum 2013 Tahun Ajaran 2022/2023, serta dilengkapi dengan kisi-kisi penulisan soalnya.


Berikut Soal dan Kunci Jawaban Penilaian Akhir Semester PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 7 Kurikulum 2013 Tahun Ajaran 2022/2023 :

PILIHAN GANDA:

Wacana I :

Kabupaten Indramayu kepanjing ning Provinsi Jawa Barat, sing anane ning bagian pesisir lor sampe laut Jawa mengulon, mulane nduweni sebutan “pantura”. Bagian sisih kidule watesan bari Kabupaten Cirebon, sisih kulone watesan bari Kabupaten Majalengkabari Kabupaten Subang. Kabupaten Indramayu kawentar ning sebutan “daerah lumbung pari”, “kota pelem”, lan “kota lenga”.

Obyek wisata sing ana ning Kabupaten Indramayu sebenere kepanjing pepek lan akeh. Obyek wisata iku ana sing diwangun ning pemerintah, ana sing diwangunning swasta utawa masyarakat. Obyekj-obyek wisata ana sing diwangun ning pinggir pesisir, ana sing ning pinggir kali,ana sing ning tengah laut,ana sing diwangun parek pegunungan, ana sing wujud bangunan tua sing sekien diarani bangun cagar budaya utawa BCB, ana sing dikelola ning pemerintah yaiku sengaja diwangun gedung minangka obyek pembangunan ilmu pengetahuan (taman pintar) ning pemerintah, lan sanes-sanese.

PILIHAN GANDA:

1. Wacana teng inggil niku mlebet teng jenis teks wacana punapa.... ?

A. Teks Deskripsi C. Teks Narasi

B. Teks Argumentasi D. Teks Prosedur


2. Sebutan apa sing kawentar ning Kabupaten Indramayu....?

A. Daerah lumbung pari C. Kota pelem

B. Kota lenga D. Wangsulan a, b lan c bener


3. Wacana teng inggil, teng paragraf setunggal niku nduweni tema punapa....?

A. Kabupaten Indramayu kepanjing ning Provinsi Jawa Barat

B. Mulane nduweni sebutan “pantura”

C. Kabupaten Indramayu kawentar ning sebutane

D. Bagian sisih kidule watesan bari Kabupaten Cirebon


4. Wacana teng inggil nduweni pokok pikiran punapa....?

A. Obyek wisata sing ana ning Kabupaten Indramayu

B. Bangun cagar budaya utawa BCB

C. Kabupaten Indramayu kepanjing ning Provinsi Jawa Barat

D. Kabupaten Indramayu nduweni obyek wisata lan nduweni sebutan sing kawentar


Wacana II:

Peninggalan sejarah Cirebon sejene keraton, ana wangunan sing arsitekture aneh lan bagus, yaiku Tamansari Suyaragi utawa ana sing nyebut “Gua Sunyaragi”. Asal tembunge sing tembung “sunya” sing artine sepi, lan “ragi” sing artine raga utawa awak, badan, bisa uga gunung. Dadi baka diartiaken wangunan sing digawe kanggo tempat semadi, utawa tempat nyepi, utawa tempat kanggo tetirah. Tamansari Sunyaragi makili arsitektur pubra Indonesia sing bengene digunakaken kanggo meditasi utawa nyucekaken diri, kanggo ngadep ning Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Baka disimak teliti Taman Sari Sunyaragi, bengene wangunan sing endah pisan, yaiku wangunan sing dikubengi segara-segaraan, kaya wangunan tamansari Binzantium ning Timur Tengah sing ketelah “Istana Air”, yaiku wangunan sing diwangun ningn tengah telaga amba (segaran) sing tempate diwangun ning tengah padang pasir, ning tengahe digawe pulo sing dikupengi segara-segaraan, sing banyune bli tau asat, pulo iku tengahe digawe wangunan-wangunan sap-sapan/tingkatan sing esor sampe menduwur, digawe kamer-kamer lan gua-gua, saben tingkat ditanduri lan ditata maneka warna kekembangan sing gawe endahe swasana, lan banyune nggrojing terus-terusan bli ana pedote. Mulane baka disawang sing kadohan katon endah pisan.

5. Wangunan taman sari Binzantium ming Timur Tengah disebut....?

A. Istana air C. Istana segara

B. Istana Sunyaragi D. Tamanwangi


6. Jaman bengen Gua Sunyaragi diwangun kanggo tujuan apa, kejaba....?

A. Tetirah C. Tempat ngnumpet

B. Nyenyeneng ati D. Semadhi


7. “dinten seniki para siswa mlebet sedaya”.

Ukara krama teng inggil menawi disalin meng basa ngoko, dados....?

A. Dina kien para siswa manjing kabeh C. Dinten kien para siswa manjing kabeh

B. Dina kien para siswa mlebet kabeh D. Dina kien para siswa manjing sedaya


8. “pak kita izin arep meng guri”.

Ukara ngoko ning duwur baka disalin meng basa krama, dadi....?

A. Pak kula bade izin meng guri C. Pak kula izin bade teng wingking

B. Pak kula bade izin meng wingking D. Pak kula bade izin teng guri


9. Miturut aturan “guru gatrane” tembang kinanthi ana pira....?

A. 10 C. 8

B. 6 D. 4


10. Miturut aturan “guru wilangan lan guru lagune” tembang kinanti....?

A. 8a, 8i, 8u, 8a,8i, 8u, 8i C. 8a, 8i, 8u, 8a, 8u, 8i,8u

B. 8a, 8i, 8a,8i, 8u, 8i,8u D. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i


11. Watake tembang kinanthi baka disimak lan dititeni, yaiku....?

A. Bunga/seneng C. sedih/nelangsa

B. Sewot D. Lucu 


Guneman :

Pak Carmin : Assalamu’alaikum wr.wb. Sarkum, apa batur-batur ira wis pada ngumpul kabeh(12), lan wis siap nggawa catetan, lan bolpene.

Sarkum : wa’alaikumsalam wr.wb. inggih Bapak sampun siap sedaya kula sareng rencang-rencang sampun wonten galery sedaya.

Pak Carmin : ya wis sapa sing arep mulai takon, apa sing arep ditakonaken?

Nadila : kula pak, mekaten pak, kula wau maos buku(13) Kebudayaan Daerah Indramayu, inggih punika, rekaman budaya daerah Bab. Upacara Adat “Nadran” punika kados pundi pak, kula dereng ngertos pak ?

Pal Carmin : Ya sekien simaken, Nadran yaiku sebenere tradisi zaman pra Islam, ning jaman bengene diarani srada sing masih urip ning kalangan masyarakat nelayan Indramayu, senajan ning tempat sejen wis padha ilang, baka dideleng ning asal-usule tembung nadran sinmg tembung nadar artine syukuran, maksude syukuran ning jaman sekien artine nngucapaken maturkesuwun ning Gusti Allah, bari ngundang para tetangga.


12. Tembung sing tulisane kandel iku lamon diganti basa krama, dadi...?

A. Punapa rencang-rencang ira sampun kempal sedanten

B. Punapa rencang-rencang sampeyan sampun kempal sedanten

C. Punapa rencang-rencang sampeyan sampun kempal kabeh

D. Punapa rencang-rencang sampeyan wis kempal sedanten


13. Tembung sing tulisane miring iku lamon diganti basa ngoko, dadi...?

A. Kita pak, mekenen pak, kita mau maca buku

B. Kita pak, mekaten pak, kita mau maca buku

C. Kula pak, mekenen pak, kita mau maca buku

D. Kita pak, mekenen pak, kita wau maca buku


14. “burnas kopen”.

Badekan ning duwur iku kepanjing ning jenis badekan apa....?

A. Badekan sing wujud tembung singkatan utawa wancahan

B. Badekan sing wujud pepindan utawa irib-iriban

C. Badekan sing wujud p;esedan utawa blenderan

D. Badekan sing ana ning tembang


15. “diketok malah duwur”

Apa arti badekan ning duwur iku....?

A. Salak C. Clana 

B. Nanas D. Anda 


16. “pak punten, kula dereng...... (melu) wulangan bab kalih”

Coba lengkapaken ukara ning duwur iku kanggo basa krama....?

A. Dugi C. Mlampah

B. Wangsul D. Milet 


17. “kita mau melu ibu meng pasar”.

Ukara ning duwur salinen ngnanggo basa krama....?

A. Kita wau milet ibu teng peken C. Kita wau milet ibu teng pasar

B. Kula wau milet ibu teng peken D. Kita wau mlampah ibu teng peken


Wacana III:

Jaman bengen diceritakaken ana Pangeran asale sing tanah Hindu arane Ajisaka, deweke putrane Raja sing pinter lan cerdas, wis kabeh wong pinter tekan endi-endi diundang meng Istana kanggo mulang lan ngajari Ajisaka mung sayange bareng wis pinter lan wis dewasa Ajisaka bli pengen dadi raja dingin, tapi pengen ngulandara pengen weruh negara-negara sejen, lan pengen nyebaraken ilmu-ilmune ning wong sejejn. Negara sing dituju milih tanah Jawa.

Sewise pamit ning wong tuane Ajisaka mangkat numpak prau nuju ning tanah jawa, sing dipeloni ning pemomonge sing arane Dora lan Sembada, sampe akhire praune labuh ning pulo Majethi, ning kono Ajisaka mulang lan ngajari ilmu-ilmune ning masyarakat. Masyarakat Majethi pada senengbari Ajisaka sing bisa ngupai kawruh lan nuntun macem-macem ilmu, sebab nganggep wis suwe Ajisaka nerusaken perjalanane nuju ning tanah Jawa, sebab barang-barange ditinggal kepanjing pembantune sing aran Sembada, Ajisaka ngupai amanat yaiku nitip keris sing kudu diruwat lan diopeni pesen utamane “Sembada keris kiyen jaganen lan ruwaten sesuwe kita langlang jagat, sapa bae bli kena njukut keris yen dudu Ajisaka”, Sembada nyanggupi sing pesenaken Ajisaka.


18. Sinten kang nyiptakaken aran aksara carakan....?

A. Dora C. Ajisaka

B. Sembada D. Raja dewata cengkar


19.

Tulisan hanacaraka ning duwur duweni arti apa....?

A. Ana utusan C. padha sekti lan digdayane

B. Padha tukaran D. Padha dadi bathange


20. Sinten kang dadi pamongmonge Ajisaka....?

A. Dora lan dona C. Dora lan Sembada

B. Sembada lan dona D. Dona lan doni


21. “padha sekti lan digdayane”.

Iku arti saking aksara carakan endi ?






22.




Aksara carakan ning duwur dibaca apa...?

A. A na ca ra ka C. A pa ma na

B. A na a pa D. a pa sa ja ka


23.



Aksara carakan ning duwur lamon disalin meng tulisan latin dadi....?

A. Buku kula C. Kutu buku

B. Kutu kula D. Kue putu


24.



Aksara carakan ning duwur diwaca....?

A. Esa tuku pedha C. Ema tuku pedha

B. Ena tuku pedha D. Eda tuku pedha


25.




Aksara carakan ning duwur iku sandhangan swara apa....?

A. Suku C. Taling

B. Wulu D. Taling tarung


URAIAN:

26. Sebutaken obyek wisata sing ana ning pinggir laut, minimal 4?

27. Tulisaken bagian reff e tembang sumpah suci?

28. Menawi basa krama iku digunakaken ning sapa bae?

29. Delengen guneman ning esor iki ?

Bu guru : sapa sing bli mangkat ?

Ani : mangkat kabeh bu (ganti nganggo basa krama)

Bu guru : alhamdulillah.... sekien buka bukune materi badekan

Ani : ia bu.... ibu ana PR !(ganti nganggo basa krama

30. Salinen tulisan latin kien meng aksara carakan “ibu kula tuku pete”.


Soal PAS Bahasa Indramayu Kelas 7 SMP Kurikulum 2013 Tahun Ajaran 2022/2023
4/ 5
Oleh
Add Comments

Silakan berkomentar dengan menggunakan kata-kata yang baik dan sopan tanpa spam
EmoticonEmoticon