Nov 20, 2017

Kumpulan Soal Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Semester Ganjil

Kumpulan Soal Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Semester Ganjil

Soal Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Semester Ganjil

Bagi bapak dan ibu guru SMP sebentar lagi akan memasuki akhir semester ganjil atau gasal, biasanya akan disibukkan dengan membuat soal untuk Ujian Akhir Semester (UAS) atau Penilaian Akhir Semester (PAS). 

Pada kesempatan ini saya akan berbagi soal-soal yang mungkin bisa dijadikan referensi untuk Penilaian Akhir Semester atau Ujian Akhir Semester khususnya pelajaran Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Semester ganjil. 

Berikut kumpulan Soal-soal Penilaian Akhir Semester Pelajaran Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Semester 1 :

I.     Pilihlah huruf A, B, C, atau D sebagai jawaban yang paling benar!

APREASIASI SASTRA WAYANG
Wayang iku wewujudan karya seni sing endah,sing ning jerohne isi piwulang falsafah sing adiluhung,sejene dadi tontonan uga minangka tuntunan sing bisa ngalusaken budi pekerti sing luhur,ning wayang nyakup seni rupa,seni drama,seni  sastra,seni karawitan.Kanggonne wong sing ana,ning tanah jawa wus pada weruh ning wayang,apa maning wong dermayu.
Wayang kulit diarani wayang purwa babone critane yaiku Ramayana,lan mahabarata,sing asale sing tanah india,crita Ramayana sing nganggit( nggarang) Empu Walmiki,Mahabbarata sing nganggit Empu Wiyasa.
       Bareng teka ning Indonesia kususe ning jawa wayang diolah maning dilarasaken bari rasa pangrasa tata cara budaya wong sing ana ning tanah jawa versine uga dadi macem-macem ana versi banyumasan,Tegal,Madura,Cirebonan,Dermayonan,Sunda gaya priangan Gaya Betawi lan sejen-sejene.baka ndeleng pakem umume pada.
            Crita Ramayana diolah ditulis nganggo basa jawa kuno,sing nulis ning tanah jawa beli keweruhan.Crita Mahabarata ug ditulis nganggo basa jawa kuno,isinne ana 18 bagian/episode,mulane diarani astha dasa parwa,yaiku bagian ke 1 tekan bagian ke 4 isine nyeritakaken cilik-cilikane para pendawa lan kurawa.Bagian ke 5 tekan bagian 15 nyeritakaken perange pendawa lan kurawa rebutan Negara Astina,iku sing diarani perang Bharatayuda,Bagian 16 tekan 18 nyeritakaken sawise perang Bharatayuda,yaiku turunane paling akhir para pendawa,sing dadi raja arane yaiku Raden Parikesit.

1.    Perang Bratayuda yaiku perange ……………………
       A. pandawa dan korawa                                          C. pandawa karo prabu kresna
       B. kurawa karo kresna                                             D. kresna karo pandika dorna
2.    Wayang sing digawe sing kayu tapi wujude gepeng diarani…..
       A. wayang golek             B. wayang klitik              C. wayang kulit          D.  wayang gedog
3.    Darma kusuma,duryudana,dursasana,gatot kaca,citrasi
       Sing kepanjing ning keluarga kurawa yaiku…………..
       A. darma kusuma, duryudana, dursasana                C. duryudana, dursasana, citraksi
       B. duryunana, dursasana, gatot kaca                       D. dursasana, gatot kaca, citrkasi
4.    Sing nganggit buku mahabarata yaiku……..
       A. empuh walmiki           B. empuh prapanca         C. empuh kanwa             D. empuh wiyasa
5.    Wis digawa tetamba ning endi-endi si slamet.
       Ukara mau kepanjing teng tembung napa ?
       A. Tembung Kriya Rangkep                                   C. Tembung Kriya Lingga
       B. Tembung kriya Tanduk                                      D. Tembung Tanggap
6.    Sing kepanjing tembung kriya tanggap, ana ning tembung………
       A. Tangi                          B. Tak jukut                    C. Maca                           D. Bolak-balik
7.   1.  Ibu tuku beras                      3.  Aja bolak-balik bae ning kamer
       2. Bapa lagi maca Koran         4.  Warno disekolahaken ning bandung
       Sing kepanjing ning Tembung kriya rangkep  yaiku……..
A.  ning nomor 1              B. ning nomor 2              C. ning nomor 3              D. ning nomor 4
1.        Dadi manusa sing bagus iku kudu ngadohaken sifat  ....
       Tembung camboran sing pas kanggo nyempurnakaken ukara ning duwur yaniku  ....
A. gagah perkasa             B. tenggang rasa              C. tepa selira                   D. angkara murka
9.    Wis telung wulan Sadi lara, awake kari ....
       Tembung camboran tugel sing tepat kanggo nyempurnakaken ukara ning duwur yaiku  ....
A.  lunglit                         B. depwur                       C. dubang                       D. delik
10.  Ukara ning esor iki sing kepanjing ukara nominal yaniku  .....
       A. Saniki dusun Ujunggebang sampun majeng       C. Kula dipundukani bapak
       B. Lare-lare siweg ngawontenaken demo masak    D. Bapak tumbas griya malih
11.  1.  Nyi Endang Darma nantang Pangeran Guru
       2.  Bapak maos koran teng teras
       3.  Pangeran Guru dipun tantang Nyi Endang Darma
       4.  Omongana sedina ping pitu uga angger bae mbeler
       5.  Kaki-kaki wau ndukani Raden Wiralodra
       Ukara ning duwur sing kepanjing ukara tanduk yaniku  ....
       A.  (1,4,5)                        B. (1,3,5)                         C.  (1,2,5)                        D. (4,5,1)
12.  Pangeran Guru dipun tantang Nyi Endang Darma.
       Ukara ning duwur kepanjing maring ukara  ....
       A. sambawa                     B. hagnya/kongkon         C. tanduk                        D. tanggap          
13.  “Fitri lagi nulis surat”. Ukara iku  kepanjing ukara ….
A. kriya tanduk               B. kriya tanggap              C. kriya lingga                D. kriya rangkep 
14.  Sira aja mlayu-mlayu bae. Ukara mau kepanjing ukara apa ….
       A. kriya tanduk               B. kriya rangkep             C.  kriya lingga                D. kriya tanggap
15.  Nok Suniti  aja dolanan ning pinggir tembok bokatan kerubuan.
       Ukara ning dhuwur kepanjing ukara ….
       A. ukara Kongkon           B. ukara hagnya              C. ukara Pamenging        D. ukara tanduk              
16.  Ukara sing tujuane nyegah ning wong sejen diarani ….
       A. ukara tanduk              B. ukara pitakon              C. ukara tanggap             D. ukara pamenging       
17.  Ukara sing manjing tembung wilangan tingkat yaiku ….
       A. bocah loro bagian mberseni kelas                      C. Munawar sekolahe rengking ke loro
       B. wingi akeh bocah sing bolos                              D. ana wong papat sing kerja                     
18.  Sing kepanjing ukara pamenging, yaiku ...
A.  Akhire Sony Kuncoro dados juara kaping kalih dateng turnamen punika
B.  Mboten kenging gadahi prasangka mboten sae maring tiyang sanes
C.  Lare-lare teng kelas ribut mawon keranten mboten wonten gurunipun
D.  Tahun 2014 hampir 70% kota Indramayu kerendem banjir
19.  Sing kepanjing ukara kongkon, yaiku ...
A.  Muga-muga kita lulus tahun kien
B.  Belajara mumpung masih cilik, bokat uwis tua mah angel!
C.  Sanajan manis, nanging kue iku nganggo gula biang (bibit)
D.  Endog salah sawiji sumber protein sing gampang lan murah
20. 1. Pemadam kebakaran ning sekitar puncak Ketep lereng Gunung Merapi masih alami.
       2. Penyanyi ingkang swantenipun merdu punika dilaporaken mantan garwanipun        dateng kepolisian.
       3. Penderita penyakit Diabetes mboten kenging ngunjuk ingkang manis-manis.
       4. Lare ayu pindahan saking Bandung punika rikmanipun kados mayang teruarai.
Sing kepanjing ukara warta, yaiku ...
A.  ukara no. 1, 2, 3          B. ukara no. 2, 3, 4          C. ukara no. 1, 3, 4          D. ukara no. 4, 1, 2
21.  Ukara sumbawa teng andap puniki ingkang nggadahi arti pengarep-arep yaniku  ....
A. gadaha yatra mah kula bade plesiran teng Cibulan
B. mugi-mugia kula lulus ujian
C. belajara ugi angger mawon boten saged menawi kirang kirang konsentrasi
D. mengkata esuk-esuk mah ora kawanan
22. Muwuna (nangisa) ugi percuma menawi sampun seda ( mati ) boten mungkin gesang
       ( urip ) malih.   Ukara teng inggil nggadahi arti/makna  ....
A.  pasti                           B.  pengarep-arep            C.  lamunan                     D.  sanajan
23.  Sareng serat puniki kula ngaturaken uning …. 
       Ukara iku kepanjing ning bagian surat yaiku;
A.  Bebuka (salam pembuka)                                   C. Adangiyah (alamat surat)
B.  Pakurmatan                                                         D. Titi mangsa
24. 1. Titi mangsa                      5. Adangiyah             
       2. Salam penghormatan       6. Salam penutup
       3.  Bebuka                            7. Prapenahan           
       4. Pungkasan                       8.Tapak asma
Urutan sing bener kanggo gawe surat pribadi, yaiku ...
A.  No. 1, 5, 2 ,3, 4, 6, 7                                           C. No. 1, 5, 2, 3, 6, 4,7,8
B.  No. 3, 1, 2, 5, 4, 6, 7                                           D. No. 2, 1, 3, 5, 6, 4,7, 8
25.  Peribasa “kaya kodok kegawa ning garu”,artine….
A. Wong sing ora duwe pendirian
B. Diupahi sethitik, njaluk maning sing akeh
C. wong tuwa olih kesusahan lantaran tingkah polahe anak
D. Pernah ditulung, mbalesi karo keblesakan.
26. Sedulur loro beli gelem akur ketemu, pasti tukaran.
       Keanaan ning dhuwur,dipribahasakaken karo ….
       A. ditulung mentung                                        
       B. setetes geni manasi, setetes bayu ngademi
       C. kaya kirik karo cemara                                
       D. kaya kodok kegawa ning garu
27.  Bareng sugih sampeyan urip seneng pisan.
       Wangsalan sing tepat kanggo ukara ning duwur yaniku  ....
       A. barang sugih sampeyan uripe ngembang gembili pisan
       B. barang sugih sampeyan uripe ngembang kluwih pisan
       C. barang sugih sampeyan uripe ngreteg pring pisan
       D. barang sugih sampeyan uripe ngembang jambu pisan
28.  Dados lare punika mboten kenging ngembang klengkeng mawon, mangke mboten wonten rencange.
       Tegese wangsalan kembang klengkeng, yaniku ...
A.  ngambek                     B. ndrenges                     C. ndlongop                    D. lancang
29.  Pecile Wa Haji Badrun ...................... milanipun sukses sedaya gesange.
       Wangsalan sing tepat kanggo nyempurnakaken ukara ning duwur, yaiku ...
A.  kembang kentang       B. kembang bengle         C. kembang asem            D. kembang kubis
30. Pucung, mijil, durma, pangkur, dhangdhang gula, mas kumamdang, kinanti, asmaranda.
      Lan sinom kepanjing tembung……
A. macapat                      B. gede                            C. tengahan                     D. jawa kuno
31.  Pak Kusen lajeng tumut dateng griyanipun tiyang sepuh wau.
       Basa ngokone ( padinan ) ukara ning duwur yaniku  ....
A.  Pak Kusen terus balik ning umahe wong enom mau
B.  Pak Kusen terus melu ning umahe wong enom mau
C.  Pak Kusen terus mlaku ning umahe wong tuwa mau
D.  Pak Kusen terus melu ning umahe wong tuwa mau
32. Esuk – esuk deweke uwis  mangkat meng Pasar.
Ukara ning Dhuwur , lamon Dirobah karo basa krama kudu...
A.  Enjing – enjing panjenenganipun sampun kesah teng Peken.
B.  Enjing – enjing Sampeyanipun siweg  kesah teng Peken.
C.  Enjing - enjing Piyambekipun bade kesah teng Peken
D.  Enjing – enjing Piyambekipun dereng kesah teng Peken.
33. “ Reang dikongkon tuku Beras 25 kg ning pasar. “
       Ukara ning dhuwur gantien Karo basa Krama….. !
A.  Sampeyan dipunkengken tumbas Uwos Selangkung kg. Teng Pasar.
B.  Kula dipun kengken Tumbas Uwos Selangkung Kg. Teng Peken.
C.  Kiyambekipun dipun Aturi Tumbas Uwos Selankung Kg. Teng Peken.
D.  Kula dipun suwun Tumbas Uwos Selangkung  kg. Teng peken
34.    Sederenge dahar   do’a  rumiyin.
Basa ngoko”sederenge” yaiku ….
A. sauwise                       B. sedurunge                   C. mengko                       D. sedelat
35.    “Ibu mangkat ning pasar.”  basa kramane ” manggkat “ yaiku ….
       A. kesah                           B. enggal-enggal            C.  enjing-enjing               D. mlampah
36.  Penulisan tembung rendah Hati ingkang leres yaiku…….
A. wulu,pepet,taling,suku                                        C. nga dilelet lan pa di cerek
B. Pangkon,layar,cecek,wignyan                            D. pengkal,Cakra,keret
37.    Sing kepanjing sandangan panyigeg (sesigeg ), yaniku  ....
       A.                                                                            C.

       B.                                                                            D.
38. Telung aksara sing ora olih dipangkon yaniku  ....

      A.                                                                             C
  B

.                                                                                      D

39. 2015  ditulis nganggo angka jawa, yaiku……..
A.                                                                             C.
B.                                                                             D.

40.                                               diserat ngangge angka latin,yaiku………
A.  91.738                         B. 71.938                         C. 19.728                        D. 17.928


II.   URAIAN

41.  Ukara ning ngesor iki salinen ngaggo aksara Jawa !
       “Tembang Gambuh”
42.  Gawenen parikan  rong gatra utawa patang gatra !
43.  Tulisaken bagian-bagian surat.
44.  Salinen basa ngoko iki ning basa kramane!
       a. Andi lagi turu ning kamer arep
       b.  Kita lagi bengi nonton wayang
45.  Sebutaken jenis tembung kriya  ?

Kumpulan Soal Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Semester Ganjil
4/ 5
Oleh

1 comment

Silakan berkomentar dengan menggunakan kata-kata yang baik dan sopan tanpa spam
EmoticonEmoticon