Jun 12, 2019

Kisi-kisi, Soal dan Kunci Jawaban UKK Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Kurikulum 2006

Kisi-kisi, Soal dan Kunci Jawaban UKK Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Kurikulum 2006

Soal UKK Bahasa Indramayu Kelas 8 Kurikulum 2006

Soal dan Kunci Jawaban UKK Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Kurikulum 2006/KTSP - Pelaksanaan UKK (Ulangan Kenaikan Kelas) mungkin sudah sedikit sekolah yang melaksanakannya pasalnya hampir semua sekolah kini sudah menggunakan kurikulum 2013. 

Namun demikian masih ada beberapa sekolah yang masih menggunakan kurikulum 2006 sehingga materinya yang diujikan pun masih menggunakan soal-soal Kurikulum 2006. Seperti pada kesempatan kali ini kami akan memberikan kisi-kisi, soal dan kunci jawaban UKK Bahasa Indramayu SMP kelas 8 Kurikulum 2006.

Berikut Kisi-kisi, Soal dan Kunci Jawaban UKK Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 SMP Kurikulum 2006 :

I. Jawaben soal-soal ning esor iki karo cara milih jawaban sing bener lan ngirengken bunderan pilihan jawaban!

KESENIAN TARLING
Asale kesenian tarling asline sing Indramayu, kesenian tarling wis kawentar ning manca negara, tarling sing tembung tar duwe arti itar utawa gitar, lan ling sing tembung suling, dadi tarling sing tembung gitar utawa itar bari suling, utawa kesenian sing tabuhan pokoke itar bari suling.
Asal muasal mengkenen. Ning tahun 1932 ana wong welanda arane Tuan Antony Pejabat Opseter ning kantor irigasi tingkat propinsi ning Kabupaten Indramayu,duwe pekakas kesenian itar lan suling. Waktu taun 1934 pak Sugra ngembangaken seni itar lan suling sing disebut tarling  tunggal utawi itar-itaran sing tabuane itar, suling ditambah sinden karo wiraswara.
Taun 1936 pak sugra sesedulur nyoba gawe rombongan tarling di kasabaken, karo ngelengkapi kaya dene kecrek, kendhang ketipung, kas kayu, gong kendi. Taun 1938 seni tarling luwih-luwih keceluk mulane pak Sugra ningkataken tabuhane kaya dene itar penetep, itar pengiring, suling kendhang ketipung, gong bibit lan kecrek. Cara manggungaken seni tarling mulai taun 1938 ditambah karo seni drama. Drama sing keceluk waktu semono, yaiku Nyi Kemi, Nyi Kastinah, Nyi Neswen lan ditambah bodhor , yaiku pak Tuleg sing Pekandangan.
Mundhak ning taun 1938 tarling seni wis ndharah daging sing masyarakat Indramayu saben-saben hajatan, sunatan, rasulan, kawinan, nadranan akeh-akeh pada nanggap tarling. Seni Tarling wis mulai cukul kaya jamur tiba ning mangsane.

1. Pikiran utama ning paragraf pertama ning bahasan duwur yaiku ….
a. Pengertian Tarling
b. Asal muasal kesenian Tarling
c. Peningkatan tabuhan Tarling 
d. Perkembangan tarling ning tahun 1938

2. Kesenian apa sing pertama kali muncul ning daerah Indramayu …
a. Kesenian genjringan
b. Kesenian tarling
c. Kesenian tari ronggeng
d. Kesenian gamelan

3. Sapa sing pertama kali ngembangaken tabuhan itar …
a. Tuan Antony
b. Pak Talam
c. Pak Sugra
d. Pak Sakim

4. Wacana ning duwur yaiku judule “Kesenian Tarling” temane yaiku …
a. Adat istiadat
b. Kewarganegaraan
c. Kesenian tradisional
d. Kepahlawanan 

5. Ning taun pira kesenian tarling ndharah daging ning masyarakat Indramayu …
a. Taun 1932 c. Taun 1926
b. Taun 1934 d. Taun 1938

6. Kesimpulan kang pas nganggo wacana ning dhuwur yaiku …
a. Kesenian Tarling Dermayon
b. Kesenian Tarling Indramayu ning jaman bengen lan jaman sekien 
c. Sejarah Kesenian Tarling Indramayu
d. Kesenian tarling ditambahi karo seni drama

7. Apa sing dimaksud Gugon Tuwon ….
a. Wewatekan/Kepercayaan sing gampang nggugu lan dipercaya
b. Bab-bab sing sifate tradisional
c. Omongan-omongan wong tua sing kudu di turuti
d. Sejarah mistis sing melekat ning jaman bengen lan jaman sekien 

8. Anak telu wadon kabeh arane …
a. Dhampit c. Gotong mayit
b. Cukit dulit d. Anggana 

9. Bocah lahir ning waktu srengenge metu arane …
a. Julung kembang c. Julung sungang 
b. Julung sarap d. Kembang sepasang

10. 1. Sarambang 4. Pancagati
2. Tambungalang 5. Rumpon
3. Warih 6. Ipil-ipil
Data ning duwur sing kepanjing Gugon Tuwon yaiku …
a. 1, 4, 6 c. 2,3,6
b. 1, 2, 3 d. 3, 5, 6

11. Tujuane para siswa belajar bab gugon tuwon iku supaya ….
a. Siswa bisa nyritakaken ning wong sejen apa iku gugon tuwon
b. Siswa bisa weruh larangan-larangan sing ana ning gugon tuwon
c. Siswa bli gampang percaya bari sing didongengaken ning masyarakat
d. Siswa bisa mbedakaken endi crita sing kudu dipahami lan di tiru

12. Apa sing dimaksud karo tembung plutan …
a. Tembung sing luwih rong tembung
b. Tembung sing direngkes 
c. Tembung sing kanggo ngarani arane barang sing ngawujud lan sing tanpa wujud
d. Tembung loro utawa luwih sing dijejeraken

13. Tembung “suwara” baka diringkes dadi …
a. Sawera c. Saroja
b. Suwira d. Swara

Wacana nganggo soal nomer 14, 15, 17
Ingkang dipun wastani apotik gesang inggih punika, taneman ingkang nggadahi khasiat obat, ingkang dipun tanem wonten latar utawa pekawisanipun griya. Taneman wau nggadahi utawi saged kangge obat tertamtu, katahipun gemantung dateng wiyari pun pekawisan, tambah wiyar tambah katah taneman ingkang saged dipun tanem.
Werna werni nipun taneman gemantung dateng wiyaripun pekawisan griya, taneman wau mboten kedah dipun tanem wonten siti, saged ugi wonten pot, polybag, utawi drim, menawi saged natanipun malah dados endahipun pekawisan.

14. Apa sing dimaksud apotik gesang …
a. Obat-obatan
b. Tanduran kembang
c. Taneman ingkang nggadahi kasiat obat
d. Tanduran suket ning latar umah

15. √ Kunir √ Ron Kates
√ Ron/godong boled √ Ron Jambu Klutuk
√ Ron tembelekan √ Wijil asem
Sebutaken taneman-taneman sing nduweni kasiat  …….
a. Godong boled, kunir, ron kates
b. Kunir, ron tembelekan, wijil asem
c. Ron jambu klutuk, kunir, ron kates
d. Wijil asem, ron kates, ron jambu klutuk

16. Apa khasiate “kembang kecubung” …..
a. Kangge ngusadani penyakit sesek napas
b. Kangge ngusadani penyakit mimisen
c. Kangge ngusadani penykit watuk rejan
d. Kangge ngusadani penyakit asma

17. Wacana ning duwur “apotik gesang” temane yaiku …
a. Tanema ingkang nggadahi khasiat
b. Taneman ingkang gawe sejuk umah
c. Taneman sewu manfaat
d. Taneman kembang

18. Miturut wujude, tembung rangkep iku ana …
a. 3 c. 5
b. 4 d. 6

19. Sing kepanjing conthoe tembung rangkep dwilingga salin swara yaiku …
a. Cengar-cengir c. Bebersih 
b. Kesandung-sandung d. Cekikik 

20. Kang kepanjing conthoe tembung rangkep dwipurwa yaiku …
a. Sesuker c. Ganjing
b. Plorok d. kesandung 

21. Sing kepanjing conthoe tembung rangkep dwiwasana yaiku …
a. Pecucu c. Bolak balik
b. Bengak-bengok d. Gegledah 

22. Dasa namane tembung “Banyu” yaiku …..
a. Banyu, maruta, sami-rana, pawana
b. Tirta, her, warih, ranu
c. Pratiwi, kisma buwana, bawono
d. Sudarma, rama, baoak, ayah

23. Dasa namane tembung “Guru” yaiku …
a. Ajar, dwija
b. Aran, asma, kekasih, selisih, paparap
c. Narendra, nareswara, narpa, narpati
d. Jalu, jaler, pria

24. Dasa namane tembung “Srengenge” yaiku …
a. Bantala, siti, pratala
b. Bagaskara, aruna, diwangkara, surya
c. Bathara, hapsara, jawata, widadara
d. Ludira, rah, darah 

25. Apa sing dimaksud dasa nama ….
a. Tembung sing akeh artine
b. Tembung sing rangkep
c. Tembung-tembung sing padha artine
d. Tembung sing di rangkep wanda gurine

26. Wa kucur lagi sarungan, sebab arep sembahyang jum’atan.
Panambang-an ning tembung sarungan nduweni arti …
a. Nyebabaken  c. pegawean 
b. Ngongkon d. nggawa

27. Ibu guru lagi ngingetaken bocah-bocah supaya pada belajar
Panambang-aken ningtembung ngingetaken nduweni arti ….
a. Nggawa c. Nyebabaken
b. Ngogkon d. Ngarahaken 

28. 1. Rahmah beli manjing sekolah
2. lagi lara untu
Tembung penggandheng kang pas, supaya ukara ning dhuwur dadi ukara camboran yaiku…
a. Lan c. Mulane
b. Baka d. Sebab

29. 1. Amah mangkat sekolah bae
2. jagate udan terus
Tembung penggandheng kang pas, supaya ukara ning duwur dadi ukara camboran yaiku..
a. Senajan c. Angger  
b. Lan d. Tapine 

30. Ukara ngesor kang susunane ana gatra jejer, gatra wasesa, gatra lesan lan gatra keterangan, yaiku …
a. Baridin tuku iwak ning pasar bangkir
b. Mau bengi kita nonton tarling 
c. Sukiki arep mangkat mancing ning cantigi
d. Umahe parek pisan

31. Mang sijak nggebug tikus ning pawon
Gatra “lesan” ukara ning duwur yaiku ….
a. Mang sijak c. Tikus
b. Nggebug d. Ning pawon

32. Ukara sing kepanjing ning conthone ukara crita yaiku …
a. Kita krungu kabar, sing babad-babad kota dermayu yaiku Raden wiralodra
b. Sinten sing ningali pulpene kula 
c. Dinten senin wonten nadranan
d. Sapa sing weruh critane babad dermayu ?

33. Ukara sing kepanjing ning conthone ukara “pitakon” yaiku …
a. Raden wiralodra iku asal-usule sing endi ?
b. Aja njaluk duit ning sema
c. Tuku rumbah rega telungewu
d. Kita mau weruh prau layar ning segara

34. Macem-macem sandangan ning aksara jawa yaiku ana …
a. 4 c. 8
b. 5 d. 9

35. Tembung “Rega” lamun ditulis ning aksara jawa dadine …
a. xm c. xg
b. [rg d. Xg

36. Tembung “Lenga” lamun ditulis ning aksara jawa dadine …
a. Xz c. xz
b. Xt d. Xg

37. Apa sing diarani surat …
a. Nguweni kabar ning tangga batur
b. Mujudaken sarana kanggo sambungan antarane wong siji karo ning tempat adoh
c. Telepon, telegram, faks, e-mail 
d. Ngirimi surat nang sahabat pena

38. Surat sing isine “ngundang supaya teka ning tempat sing di tujokaken, umpamane ning umah, gedung” diarani …
a. Surat pribadi
b. Surat uleman/undangan
c. Surat kiriman
d. Surat lelayu

39. Ana pirang macem wujude surat …
a. 3 c. 5
b. 4 d. 6

40. “Selajenge pemaosan ayat suci Al-Qur’an, dumateng pemaos mangga kula aturi”
Ukara ning duwur kepanjing ning …
a. Pembuka
b. Penutup
c. Pemaosan ayat suci Al-Qur’an
d. Hiburan

II. Jawaben soal ning ngesor secara singkat lan jelas !
41. Sebutaken apa sing dimaksud “Gugon Tuwon” ?
42. “Budi njahit klambi pramuka”
Ukara ning duwur udhalen miturut dhodoke tembung 
43. Tembung ning ngesor di tulis nganggo aksara jawa
a. Lemari
b. Remaja 
44. Sebutaken macem-macem lan umpamane wujude surat  !
45. Gaweya karangan bebas, nganggo basa ngoko, kelawan milih judule ning esor iki :
a. Nadran
b. Ngunjung

Bagi Anda yang membutuhkan Soal UKK Bahasa Indramayu Kelas 8 Kurikulum 2006 silakan
Kisi-kisi Soal UKK Bahasa Indramayu Kelas 8 Kurikulum 2006 silakan  
Kunci Jawaban Soal UKK Bahasa Indramayu Kelas 8 Kurikulum 2006 silakan 

Courtesy : 
Guru Mata Pelajaran Bahasa Indramayu SMP Pembuat Soal UKK/PAT
Kisi-kisi, Soal dan Kunci Jawaban UKK Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Kurikulum 2006
4/ 5
Oleh
Add Comments

Silakan berkomentar dengan menggunakan kata-kata yang baik dan sopan tanpa spam
EmoticonEmoticon