Dec 4, 2019

Soal dan Kunci Jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020

Soal dan Kunci Jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020


Soal dan Kunci Jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020 – Soal Penilaian Akhir Semester (PAS) sangat berarti bagi bapak dan ibu guru untuk dijadikan referensi pada saat Penilaian Akhir Semester tahun berikutnya.

Pada kesempatan ini kami akan berbagi soal, dan kunci jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 semester ganjil kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020, serta dilengkapi dengan kisi-kisi penulisan soalnya.

Berikut Soal dan Kunci Jawaban Penilaian Akhir Semester (PAS) Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020 :

I. Wenehana tanda silang (X) huruf A, B, C, utawa D ning jawaban sing bener !

Wacana
Keraton Kasepuhan anane ning daerah sing arane lemah wungkuk. Istana kiyen pirang-pirang bagian lan uga aran tempate nuduhaken mupangat utamane. Kayadene bangunan sing arep wujud joglo diarani pacanita,bengene dienggo gardu jaga prajurit minangka pos keamanan para prajurit jaga kraton.
Ana nuga adat tradisi turun menurun, baka perayaan keagamaan biasaane gamelan pusaka sakti ditabuh nalika upacara.Kanggo tempat gamelan pusaka sakti iku arane bangunan gamelan skati sing sakane papat. Kanggo ndodoke utawa singgahsanane Sultan Sepuh disebut siti hinggil. Dalan sing marani siti hinggil ana loro pintu gerbang utawa gapura. Wujude kaya candi bentar ning iring lor lan iring kidul. Ning salah sijine gapura ana Candrasengkala sing munine’Banteng Tinata Bata Kuta’. 

1. Punapa nami tempat gardu jaga prajurit minangka pos keamanan para prajurit jaga kraton …
A. Pacanita
B. Malang semirang
C. Pasekan Pengada
D. Siti Hinggil

2. Kapan gamelan Pusaka Sekati diunekaken ...
A. Perayaan Sedekah Bumi
B. Perayaan Nadran
C. Perayaan Keagamaan
D. Perayaan Panjang Jimat

3. Ning salah sijine gapura ana Candrasengkala  sing munine ‘Banteng Tinata Bata Kuta’. Punapa artine …
A. 1425
B. 1347
C. 1437
D. 1452 

4. Wayang iku wewujudan karya seni sing endah, sing ning jerone isi piwulang ...
A. falsafah wayang kulit
B. falsafah urip manusa
C. falsafah wayang golek
D. falsafah sing adi luhung

5. Sing ngarang cerita Ramayana yaiku ...
A. Empu Sedhah
B. Empu Panuluh
C. Empu Wiyasa
D. Empu Walmiki

6. Cerita Mahabharata ditulis nganggo basa Jawa Kuno, isine ana yaiku ...
A. 18 bagian
B. 19 bagian
C. 20 bagian
D. 21 bagian

7. Wayang gedog yaiku ...
A. wayang digawe sing kayu
B. wayang digawe sing wesi brani/magnit
C. wayang digawe sing kulit
D. wayang digawe sing kayu wujude gepeng kaya wayang kulit

8. Wayang suluh ceritane yaiku ...
A. Damarwulan
B. Keluarga berencana
C. Ramayana utawa Mahabharata
D. Raden Panji Kudawaningpati

9.Ning esor niki aran-aran Pendawa sing leres yaiku …
A. Durmagati
B. Citraksi
C.Sadewa
D. Jayadrata

10. Tembung ingkang kepanjing tembung dwilingga yaiku ...
A. Pelajaran
B. Sesapu
C.  Pontang - Panting
D. Kadang - kadang

11. Ukara sing nganggo tembung dwilingga salin swara yaiku ...
A. Aja jeritan bae, sebenere jaluk apa?
B. Aja jerat-jerit bae, sebenere njaluk apa?
C. Aja jejeritan bae, sebenere njaluk apa?
D. Aja jerit-jerit bae, sebenere njaluk apa?

12. Tembung ingkang kepanjing dwipurwa, kejaba ...
A. Cekikik
B. Tetuku
C. Tetamba
D. bebungah

13. Ukara sing nganggo tembung dwiwasana sing leres yaiku ...
A. Sapa arane wong sing seslendang sarung iku
B. Bocah iku cengar – cengir bae, apa ana sing lucu tah ?
C. Awan-awan Carma biasane tuku rumbah
D. Wong sing arep pada nyewot matane pating pecicil

14. Penjelmaane kekawih (syair) utawa ciptaan tembang jaman kuno disebut punapa ...
A. Tembang Gede
B. Tembang Macapat
C. Tembang Tengahan
D. Tembang Campuran

15. Sing kepanjing tembang gede yaiku ...
A. Gambuh
B. Kusumastuti
C. Kinanti
D. Sinom

16. Tembang macapat keiket ning guru lagu, guru wilangan lan gatra.
Gatra yaiku ...
A. Dong ding swara ning akhire gatra
B. Jumlahe wanda saben gatra
C. Dong ding wilangan ning akhire gatra
D. Ukara sepada lingsa (koma) ning tembang

17. Makna lan artine tembang macapat Mijil yaiku ...
A. Asih, prihatin, miyos
B. Nelangsa, sedih, kentir
C. Sembrana, parikena, lucu
D. Pungkur,guri,pitutur,gandrung

18. Sing kepanjing ukara Crita ingkang leres yaiku ...
A. Sapa sing njukut buku ning duwur meja?
B. Mau bukune dijukut bapak
C. Min, sampeyan sampun wantun mendet buku teng inggil meja!
D. Min, Pendetaken buku teng inggil meja! 

19. Sing kepanjing ukara pitakon yaiku ...
A. Bud,tulung tumbasaken wos abrit teng peken
B. Kula mau sumerep baita layar teng seganten
C. Yan, sampun kesah teng wiking griya, katah belingipun
D. Sampeyan sumerep griyae pak guru ?

20. Sing kepanjing ukara pamenging yaiku ...
A. Sampeyan sampun kesah-kesah, Ibu bade blanja teng toko
B. Bila, Pendetaken buku teng meja
C. Kula miring kabar rayi menang lomba
D. Saben pemimpin duwe cara dewek - dewek.

21. Tujuan kita belajar bahasa Indramayu yaiku ...
A. Supaya nglindungi bahasa ibune
B. Supaya ngejaga bahasa ibune
C. Supaya nglestarikaken bahasa ibune
D. Supaya ngajari bahasa ibune

22. Ngomong karo Bocah karo bocah sing sepantar nganggo basa ...
A. Tata krama
B. Pedinan
C. Krama inggil
D. Bebasan

23.Bapak, niki yatrane sinten ?
Umpama disalin nganggo basa ngoko yaiku ...
A. Kien duite bapak dudu
B. Bapak, sekien duwe duit.
C. Bapak,kien duite sapa ?
D. Bapak, sapa sing duwe duit.

24.Miturut unggah-ungguh basa, sing nggunakaken basa bebasan yaiku ...
A. Anak karo wong tuwane  
B. Wong tua ngomong bari wong enom
C. Bocah sing durung weruh/ngerti 
D. Majikan karo kuline

25. Miturut gugon tuwon apa artine wahana ...
A. Anak papat lanang kabeh
B. Anak wadon kabeh 
C. Anak lair durung waktune
D. Anak lair lagi mertamu

26. Wa Kaji duwe anak mung siji lanang.
Miturut gugon tuwon apa sebutane anak mung siji lanang.
A. anting-anting
B. montang-manting
C. ontang-anting
D. pontang-panting

27. ‘Aja ndodok/ mangan ning arep lawang ‘ punapa arti menurut gugon tuwon kanng isi wasita sinandri …
A. Bokatan wudunen
B. Sing ngelamar balik maning
C. Bokat timbilen
D. Mengkone gondoken

28. Miturut gugon tuwon kang isi wasita sinandri, punapa artine Aja ngidoni sumur … 
A. Lambene suwing
B. Bokat wetenge dawa
C. Nyilakani
D. Kaya jaran

29. Ingkang kepanjing kasustraan lisan sing leres yaiku ...
A. Wolat
B. Perkamen
C. Wariwe
D. Mantra

30.Miturut kesusastraan tulisan ron disebut ...
A. Rontal
B. Reka
C. Idu
D. Perkamen

31.Surat kiyen dikirim carane ngongkon wong sejen yaiku ngirim barang utawa sejene.
Arti ning duwur yaiku kasebut ...
A. Surat dinas
B. Surat undangan
C. Surat kiriman
D. Surat pribadi

32. Sing kepanjing conto surat perjanjian sing leres yaiku ...
A. Kantor pos
B. Pegadean
C. Ngrasuli
D. Tahlilan

33. Tanggal wektu surat ditulis diarani ...
A. Titi mangsa
B. Satata basa
C.  Adangiyah
D. Wasana basa

34. Nyritakaken bab tujuane gawe surat diarani ...
A. Wasana basa
B. Paprenahan
C. Pembuka/ Purwaka
D. Surasa basa

35. Salah sewijine pathokan gawe guritan yaiku ....
A. Setitike 6 gatra
B. Setitike 5 gatra
C. Setitike 4 gatra
D. Setitike 7 gatra

36.Aspek sing kudu wonten teng Pathokan gawe guritan sewernane yaiku ...
A. Diawiti nganggo tembung sun anggurit
B. Interprestasi
C. Nganggo purwakanthi swara
D. Penghayatan

37.Tembung camboran yaiku ....
A. Tembung loro sing nduweni arti loro
B. Tembung siji sing nduweni arti akeh
C. Tembung loro utawa luwih sing nduweni arti siji
D. Tembung siji sing nduweni arti siji

38. Tembung sing kepanjing tembung loro ngarep guri masih sebangsa sing leres yaiku .... 
A. Kebo sapi
B. Pait leder
C. Klambi kuning
D. Wadya bala

39. Ukara ngesor sing nganggo Tembung loro sing duwe arti siji yaiku ....
A. Bapa-bapa lagi pada mangan nasgor.
B. Ibu-ibu lagi pada gawe nagasari.
C. Akeh bocah pada dolanan ning warnet.
D. Mangan ning warteg regane murah.

40. Ukara ngesor sing nganggo tembung camboran tugel yaiku ....
A. Bapa lagi nandur kuping gajah ning pekarangan.
B. Saben senen pembina upacara ngwaca teks pancasila.
C. Bocah kuen senenge nganggo klambi bangjo.
D. Mang Sawan angon kebo sapi.

II. Wangsulana pitakon-pitakon ning esor iki !

41. Glatinen guru lagu lan guru wilangan tembang macapat ning ngesor iki!
Bapa pucung dudu watu dudu gunung 
Menclok lambung kiwa
Cekelane kaya anjir
Pong digdaya bisa ngambah jumantara
42.  Gawea ukara kongkon  akehe 2!
43.  Salinen nganggo basa karma/ Bebasan 
     ‘ bu, kita dititipi surat,dina kien yono ora mangkat sekolah karena lara ‘
44.  Gawenen gugon tuwon kang kepanjing wewaler/ Larangan!
45.  Gawenen conto tembung sing kepanjing :
a. Tembung loro ngarep guri walikane
b. Tembung loro sing arep nerangaken sing guri

Soal dan Kunci Jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 8 Kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020
4/ 5
Oleh
Add Comments

Silakan berkomentar dengan menggunakan kata-kata yang baik dan sopan tanpa spam
EmoticonEmoticon