Dec 4, 2019

Soal dan Kunci Jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 9 Kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020

Soal dan Kunci Jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 9 Kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020


Soal dan Kunci Jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 9 Kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020 – Soal Penilaian Akhir Semester (PAS) sangat berarti bagi bapak dan ibu guru untuk dijadikan referensi pada saat Penilaian Akhir Semester tahun berikutnya.


Pada kesempatan ini kami akan berbagi soal, dan kunci jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 9 semester ganjil kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020, serta dilengkapi dengan kisi-kisi penulisan soalnya.


Berikut Soal dan Kunci Jawaban Penilaian Akhir Semester (PAS) Bahasa Indramayu SMP Kelas 9 Kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020 :

I. Wenehana tanda silang (X) huruf A, B, C, utawa D ning jawaban sing bener!
Wacana
Titenana cuplikan teks pidato ning sor iki!
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak-ibu, sederek sedaya ingkang kula hormati. Tanggal 10 November 1945 inggih punika dinten ngangge pangneling-eling wontene sejarah. Nalika dinten punika para pahlawan bangsa Indonesia mbela negara, ngusir penjajah, lan negakaken kemerdekaan teng Kota Surabaya.
Milane kula sedaya ingkang dados generasi penerus wajib ngeling-ngeling wontene tanggal punika. Kula sedaya wajib ngormati jasa pahlawan ingkang sampun nyumbangaken tenaga, pikiran, getih lan nyawanipun kangge kemerdekaan Indonesia.
Semangate para pahlawan kedadosdene ombak samudra, silih gumanti nrejang daratan, boten wonten mandege. Rawe-rawe rantas malang-malang putung. Segala ingkang dados penghalang kangge kamerdekaan, dibrantas telas. 
Cekake, teng zaman saniki pembangunan teng dusun utawi sekolah sadaya saged lancar lan saged laksana, menawi kula sedaya saged nggadahi semanget kedadosdene para pahlawan bangsa.
Selanjenge, teng dinten punika, etang-etang nerasaken amanate para pahlawan bangsa ingkang sampun wangsul teng alam kelanggengan, mangga kula sedaya ningkataken kerja sesarengan.
Mugi-mugi kula sedaya saged manunggal, purun brayan, purun gotong royong, pelaksanaan pembangunan teng dusun utawi sekolah saged laksana lan hasil.
Semanten atur kula, nyuwun agenging apunten bilih wonten criosan kula ingkang ndadosaken boten eca teng manah.
Tumbas kupat teng Jagapura
Upami kula lepat dipangapura
Wassalamu’alaikum Wr.Wb
Dipetik saking buku Blajar Lan Sastra Dermayu Kelas IX
Nomor 1-5 mangga ningali wacana ning dhuwur
1. Teks pidato ning duwur sing nuduhaken Parikan inggih punika ….
A. Bongkoh kupat jangan bendara, 
   Bilih lepat nyuwun pangapura
B. Ilat ora winengkon, lambe ora bebalung 
   Pring nom tinejat miring
C. Tumbas kupat teng Jagapura
   Upami kula lepat dipangapura
D. Mugia kula sedaya saged mendet hikmahlan mupangate unjunga puniki

2. Tanggal 10 November 1945 teng Surabaya wonten sejarah kepripun....
A. Para pahlawan bangsa Indonesia mbela negara, ngusir penjajah, lan negakaken kemerdekaan
B. Pembangunan teng dusun utawi sekolah
C. Nangngge pangeling-eling kemerdekaan RI
D. Kedah ngormati Pemimpin Negara

3. Semanget para pahlawan boten wonten mandege, istilah sing wakilaken semangate pahlawan, yaiku...
A. Purun Brayan
B. Kelanggengan
C. Silih Gumanti
D. Ombak Samudra

4. Wangsalan “Rawe-rawe rantas malang-malang putung” nduweni maksud/makna  .…
A. Ikhlas ngorbanaken punapa mawon
B. Segala ingkang dados penghalang kangge kamerdekaan, dibrantas telas
C. Diterjang mangsa wurunga
D. Boten ngarepaken upah lan bayaran

5. Semanten atur kula, nyuwun agenging apunten bilih wonten criosan kula ingkang ndadosaken boten eca teng mana. Ukara puniki bagian pidato saking .…
A. Isi/Maksud pidato
B. Tembung pembuka
C. Salam pungkasan
D. Tembung pungkasan

6. Assalamu’alaikum wr wb, kapanjing bagian ….. teng pidato.
A. Salam pungkasan
B. Salam Pembuka
C. Tembung Pembuka
D. Tembung Pungkasan

7. Kula ngaturakenkesuwun sanget dumateng para panitia ingkang ingkang nyukani kesempatan dumateng kula. Ukara niki kelebet bagian … pidato. 
A. Salam pungkasan
B. Salam Pembuka
C. Tembung pembuka
D. Tembung pungkasan

8. Mangga sareng-sareng mbantos rencang ingkang perlu dana kangge bea siswa. Ukara punika kepanjing teng bagian pidato....
A. Isi/Maksud pidato
B. Tembung pembuka
C. Salam pungkasan
D. Tembung pungkasan

9. Kula nulis teks pidato ning umah.
Dhodhoke têmbung sing bênêr miturut ukara ning dhuwur yaiku....
A. Kw- J- W- L
B. Kt- J- W- L
C. J- W- L- K
D. J- W-K

10. Dina Jumat ning aula sekolah. Pa Didi maca pidato.
Miturut ndhodhoke têmbung gatra-gatrane ukara ning dhuwur sing bênêr yaiku ...
A. Kt-W-J- L –Kw
B. Kw-Kt- J –W- L
C. Kw- J- W- L- Kt
D. Kt- J- W- L- Kw

11. Tembung  ning esor niki ingkang kepanjing tembung ater-ater sing leres, yaiku...
A. Selajenge
B. Nyapu
C. Kelanggengan
D. Negakaken

12. Tembung “nggadahi” ning ukara “menawi kula sedaya saged nggadahi semanget kedadosdene para pahlawan bangsa” kepanjing ater-ater lan panambang...
A. Ng- lan – i
B. Ngga- lan –hi
C. N- lan –dahi
D. Nga- lan –hi

13. Wujud ngupaih weruh ning khalayak anane sawiji kedaden utawa perkara, kepanjing arti...
A. Parikan
B. Wangsalan
C. Wewara
D. Ukara

14. Apa bae sing kepanjing media elektronik sajroning wewara kangge ngupaih weruh khalayak...
A. Tabloid
B. Koran
C. Majalah
D. Internet

Wacana
Titenana cuplikan teks wewara ning sor iki!
Indonesia Ngalahaken Timor Leste 7 – 1
Mau bengi (8/4/15) tim sepakbola Indonesia menang 7-1 lawan Timor Leste ning Stadion Utama Senayan, Jakarta. Tandinge bola iku kaitane karo babak penyisihan Piala Asia Umur-23 mengesor.
Gol Indonesia digawe ning Evan Dimas menit 10, 35 lan 71, Mukhlis Hadi Ning menit 25 lan 80, Ilham Udin menit 42, lan Wawan Febrianto menit 61. Tapi gawang Indonesia uga kebobolan, yaiku ning menit 19.
Penonton seneng pisan anane tim Indonesia menang iku. Sebabe wis lawas tim Indonesia ora menang. Muga-muga minggu arep lawan Brunei menang maning,” jare Ketua Umum PSSI.
Yen engko menang maning, terus lawan Korea Selatan menang. Indonesia bakalan lulus sing Grup A. Indonesia bisa duwe bijih sanga, kerna menang ping telu.
Dipetik saking buku Blajar Lan Sastra Dermayu Kelas IX

Nomor 15-17 mangga ningali wacana ning dhuwur!
15. Ukara sing bener miturut wewara ning dhuwur yaiku...
A. Tim Indonesia menang lawan Brunei mau Bengi
B. Sauwise tanding karo Timor Leste Indonesia lulus sing grup A
C. Gawang Indonesia kebobolan ping pitu
D. Penonton seneng pisan tim Indonesia menang lawan Timor Leste

16. Sing kepanjing bagian tembung takon (kata tanya) ning endi miturut syarat-syarat wewara ning wacaan wewara “Indonesia Menang Lawan Timor Leste 7 – 1” yaiku...
A. Stadion Utama Senayan, Jakarta
B. Piala Asia Umur-23 mengesor
C. Timor Leste
D. Brunei lan Korea Selatan

17. Sing kepanjing bagian tembung takonsapamiturut syarat-syarat wewara ning wacaan wewara “Indonesia Menang Lawan Timor Leste 7 – 1” yaiku...
A. Tim Korea Selatan
B. Tim Brunei
C. Tim Indonesia
D. Tim Timor Leste

18. Ukara ning sor niki sing nggunakaken tembung pengiket (kata sambung) sing nduweni arti njumblahaken, yaiku...
A. Yen engko menang maning, terus lawan Korea Selatan menang
B. Tapi gawang Indonesia uga kebobolan, yaiku ning menit 19
C. Indonesia bisa duwe bijih sanga, kerna menang ping telu.
D. Tandinge bola iku kaitane karo babak penyisihan Piala Asia Umur-23 mengesor

19. Tembung lingga (kata dasar) ning ater-ater lan panambang ana nin tembung...
A. Mengesor
B. Kebobolan
C. Kaitane
D. Tandinge

20. Yani manjinge sing guri. Basa kramane manjinge yaiku...
A. Mendet
B. Angsal
C. Mlebet
D. Wantun

21. Ora duwe duit kanggo nglanjutaken sekolah.
Basa kramane ukara ning dhuwur yaiku...
A. Boten gadah artos kangge mlajengaken sekolah
B. Boten gadah artos kangge majengaken sekolah
C. Boten gadah yatra kangge majengaken sekolah
D. Boten gadah yatra kangge nglajengaken sekolah

22. Basa padinan (ngoko) “kedah” yaiku...
A. Sugih
B. Kayane
C. Kudu
D. Lamun

23. Kula kuh nembe sumerep wonten putusan dinten basane mimi sejagat pinika.Basa padinan “sumerep” yaiku....
A. Mbuh
B. Weruh
C. Langka
D. Masih

24.(1) Kula   
   (2) Nyerat
   (3) Siweg 
   (4) Surat
Urutan tetembungan sing bener kanggo ukara iku...
A. (1-3-2-4)
B. (1-2-3-4)
C. (1-4-3-2)
D. (2-3-1-4)

25. Tembung pengiket sing nduweni arti njumblahaken ning ukara, “Aman......Amin iku kakang adi, sing leres yaiku..
A. Uga
B. Terus Maning
C. Karo
D. Toli

26. Tembung pengiket sing nduweni arti seteruse ning ukara, “Yen nulis kabeh....sapa sing maca”, sing leres yaiku...
A. Toli
B. Klawan
C. Lan
D. Karo

27. Akeh pelem katon..... tandane wis mateng. Tembung rangkep dwilingga semu sing pas kangge ngisi titik-titik yaiku...
A. Di abang
B. Te Abang
C. Abangan
D. Abang-abang

28. “Kerna kaudanan, Dede... klambi bae. Tembung rangkep dwilingga salin swara sing pas kangge ngisi titik-titik yaiku...
A. Ganti-ganti
B. Gonta-ganti
C. Geganti
D. Gantian

29. Wayang golek cepak iku kagolong nggunakaken Serat Menak minangka sumber crita. Ning wewengkon Cerbon-Dermayu, sumber crita uga ditambahi crita babad sing ana ning lingkungan. Awale disyairaken kalangan Kraton Cirebon lakone ngemet latar batur-batur Nabi lan pahlawan-pahlawan Islam.
Miturut wacaan karangan ning dhuwur, sumber crita wayang golek cepak yaiku...
A. Crita kedaden daerah Cerbon lan Dermayu
B. Crita sing digawe wong tua jaman bengen
C. Crita batur-batur nabi lan pahlawan-pahlawan Islam
D. Crita pahlawan-pahlawan kemerdekaan Indonesia

30. Wong-wong masang tarub kanggo tontonan wayang. 
Ukara ning dhuwur mung digawe ukara (kalimat) pasif kayadene...
A. Tarub kanggo wayang golek dipasang ning wong-wong
B. Wong-wong lagi masangaken tarub kanggo wayang golek
C. Tarub kanggo wayang golek dipasangi wong-wong
D. Wong-wong masangi tarub kanggo wayang golek

31. Syiar Islam disebaraken lakon wayang golek.
Ukara ning dhuwur mung digawe ukara (kalimat) aktif kayadene...
A. Syiar Islam nyebar kerna lakon wayang Golek
B. Lakon wayang golek disebaraken kangge syiar Islam
C. Syiar Islam disebar ning lakon wayang golek
D. Lakon wayang golek nyebaraken syiar Islam

32. Wangsalan iku asale sing tembung/kata “wangsal-wangsul”. Wangsal-wangsul nduwei arti...
A. Maksud utawa arti
B. Rangkep utawa ganda
C. Jawab utawa balik
D. Ukara utawa kalimat

33. Wangsalan biasa dienggo ning obrolan masyarakat. Biasane duwe maksud muji utawa ngalem, guyonan, badhekan, ngritik, malah sampe eceh-ecehan. Dadi sing dimaksad wangsalan yaiku...
A. Tembung rangkep utawa kata ulang
B. Ukara/kalimat sing nggambaraken maksud
C. Ukara/kalimat sing ngupaih weruh ning masyarakat anane kedaden
D. Tembung kosok balen utawa lawan kata

34. Wangsalan sing duwe patokan urutan ukara/kalimat, akehe wanda lan purwakanti yaiku...
A. Wangsalan Wutuh
B. Wangsalan cendhek
C. Wangsalan Lamba
D. Wangsalan rangkep

Titenana cuplikan teks puisi ning sor iki!
....
Budeg picek seumur badan
Banget temen ninggange kaberan
Betah pisan ning kesusahan
Bagen, bagen jawabe bli sepisan

Apa bli ngerti urip tekane sing endi
Apa bli ngerti urip bakale mendi
Apa bli ngerti yen urip iki rugi
Banget, banget pisan mong ngerti
.....
(Kutipan Puisi Ruhaendi Dipetik saking buku Blajar Lan Sastra Dermayu Kelas IX)
Nomor 33-35 mangga ningali wacana ning dhuwur!
35. Apa judul puisi karya Ruhaendi ning dhuwur....
A. Mong ngerti
B. Seumur badan
C. Uripe wong
D. Budeg Picek

36. Miturut puisi karya Ruhaendi mau nggambaraken wong kelakuane priben...
A. Wong kang budeg
B. Wong kang ngrugi
C. Wong kang serakah
D. Wong kang mong ngerti pisan

37. Apa bli ngerti yen urip iki rugi
Tembung kosok balen utawa lawan kata “rugi” yaiku...
A. Untung
B. Wedi
C. Kesusahan
D. Kabagjaan

38. Akeh iwak ning segara Indonesia.
Tembung dasanama utawa persamaan kata “segara” yaiku...
A. Gunung
B. Empang
C. Sawah
D. Laut

39. .....carane supaya bisa dadi dalang. 
Belajar ning dalang.
Tembung takon (kata tanya) kanggo ngisi ukara sing pas yaiku...
A. Sapa
B. Priben
C. Karo sapa
D. Ning endi

40. Pasrah lan nrima apa sing bakale dadi akibate. Apa sing bakal kedaden, siap diadepi. Ukara niku arti paribasa yaiku...
A. Becik ketitik ala ketara
B. Nglurung tanpa bala
C. Pager doyong apa gebrage bae
D. Nguyahi segara


II. Wangsulana pitakonan niki kelawan singget uga leres!

41. Tulisan sing kasebut wewara iku kudu nduweni syarat-syarat, sebutaken syarat-syarate punapa bae!
42. Salinen nganggo basa krama ukara ning sor iki!
Leptop bisa nganggo ngetik utawa gawe gambar
43. Gawea 3 ukara ingkang kepanjing tembung rangkep dwilingga pada swara!
a. (Mlayu) b. (Ijo) c. (Bangsa)
44. Uruten tetembungan ning sor iki supaya dadi ukara sing bener!
Wong – sliwer – watu – pelataran – akeh – pating – ngunjali – bolak-balik – sing Penambangan.
45. Jelasaken arti paribasa ning esor iki!
a. Aja kakehan rundang-runding, waktu kari sending
b. Larang dadi barang, murah dadi runtah
c. Becik ketitik, ala ketara

III. Ngarang
Gawea isi karangan kelawan temane “ Nilai Positif lan Negatif Media Sosial Kangge Remaja”

Soal dan Kunci Jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 9 Kurikulum 2013 Tahun Pelajaran 2019/2020
4/ 5
Oleh

1 comment

Silakan berkomentar dengan menggunakan kata-kata yang baik dan sopan tanpa spam
EmoticonEmoticon