Jun 16, 2021

Soal dan Jawaban PAT Bahasa Indramayu Kelas 7 Tahun Pelajaran 2020/2021

Soal dan Jawaban PAT Bahasa Indramayu Kelas 7 Tahun Pelajaran 2020/2021



Soal dan Kunci Jawaban PAT Bahasa Indramayu Kelas 7 Tahun Pelajaran 2020/2021 - Penilaian Akhir Tahun (PAT) Tahun Pelajaran 2020/2021 dilaksanakan masih dalam kondisi pandemi sehingga pelaksanaannya masih secara daring atau luring tetapi soalnya dibawa ke rumah masing-masing. 



PAT SMP Tahun pelajaran 2020/2021 dilaksanakan dari hari Senin tanggal 7 Juni 2021 hingga Sabtu tanggal 12 Juni 2021. Pada kesempatan kali ini kami berikan soal dan kunci jawaban soal PAT Bahasa Indramayu kelas 7 yang bisa digunakan untuk analisis soal dan referensi pada tahun berikutnya.


Berikut Soal dan Jawaban PAT Bahasa Indramayu Kelas 7 Tahun Pelajaran 2020/2021 : 

Pilihan ganda :

Wacana : Babad Dermayu
Diceritakaken ning daerah Bagelen Jawa Tengah Yaiku ning Kadipaten Banyuurip, Tumenggung Gagak Singalodra minangka Adipatine. Beliau nduweni putra 5 yaiku : Raden Wangsa Negara, Raden Ayu Wangsa Yudha, Raden Wiralodra, Raden Tanujaya, Raden Tanujiwa.

Antara limang putra mau, Raden Wiralodra sing sejen dewek, sebab Raden Wiralodra senenge mesu/nglati dir, olah kanuragan, tirakat lan seneng tetapa kaya biasane para satriya–satriya jaman bengen. Wiralodra wis suwe ninggalaken Kadipaten yaiku tapa brata lan semedhi ning pegunungan Malaya ning sikile Gunung Sumbing.

Telung taun lawase Raden Wiralodra tapa brata ning sewijining wengi olih wangsit sing munine : “Wiralodra putuku, baka sira pengen urip mulya seturun – turunira, sira lungaa nuju ning angslupe srengenge, goletana gisike kali cimanuk. Baka wis teka ning kana mandega lan mulai tetruka babade wit – witan gawe padukuhan, sebab panggonan iku mengone bakal dadi tempat kang subur lan makmur, lan sira sing dadi pemimpine mrinta sampe pitung turunan”.

Sewise olih wangsit Raden Wiralodra balik ning Kadipaten, nemoni wong tuwane, terus nyampekaken menawa wis olih wangsit, Tumenggung Gagak Singalodra kaget lan getun lan bli bisa nglarang, sebab Raden Wiralodra nyuwun restu lan njaluk pamit lunga ning gisike kali Cimanuk persis kaya sing dibisikaken.

Senajan abot pangeran Gagak Singalodra kepaksa ngidini, lungane Raden Wiralodra dikintili ning pawongane sing eman lan setia aran Ki Tinggil. Mlakune nuju ning arah kulon nggulati gisike kali Cimanuk. Wong loro mangkat mengkulon bli weruh waktu awan bengi mangkat nuju tempat sing ditodokaken ning wangsit.

1. Sing diarani babad iku crita sing ana hubungane bari....?
A. Crita Legenda 
B. Crita Rakyat 
C. Crita Gaib
D. Crita Sejarah

2. Miturut wacana ning duwur Raden Wiralodra iku asale sing endi....?
A. Bagelen Jawa tengah 
B. Banyumas Jawa tengah 
C. Bagelen Jawa timur
D. Banyumas Jawa Timur

3. Sapa sing mbaturi raden wiralodra mbabad alas kali Cimanuk....?
A. Ki Tinggil 
B. Pangeran Guru 
C. Raden Tanujiwa
D. Ki Sedum

4. Sapa bapane Raden Wiralodra iku....?
A. Raden Tanujaya 
B. Raden Gagak Kumintir 
C. Raden Gagak Singalodra
D. Ki Sidum

5. Ning esor iki arane kembang blimbing yaiku....?
A. Onthel 
B. Mayang 
C. Maya
D. Polong

6. 

Apa aran wit ning nduwur iku....?
A. Sabrang
B. Cengkeh 
C. Randu
D. Klapa

7. 


Wijil ning nduwur iku arane wijil kecik, wite arane apa....?
A. Sawo
B. Asem
C. Duren
D. Kapas

8. Klapa tuwa iku godhonge diarani apa....?
A. Klaras
B. Kajang
C. Pupus
D. Blarak

9. 


Wit ning nduwur iku wijile arane apa....?
A. Pongge
B. Klungsu
C. Beton
D. Pelok

10. “ Kita karo Ema tuku gula ”.
Ukara ning nduwur baka disalin meng basa krama dadi....?
A. Kula sareng ema tumbas wos
B. Kula bari ema tumbas gendis
C. Kula sareng ema tuku wos
D. Kula sareng ema tumbas gendis

11. Titenana tembung ning esor iki !
1.Kluruke jago
2.Swarane
3.Wong loro
4.Wayah esuk
5.Ning
6.Nangekaken
Susunen tembung – tembung ning duwur supaya dadi ukara sing bener....?
A. 1-2-3-4-5-6 
B .2-1-5-4-6-3 
C. 3-1-5-2-4-6
D. 4-3-2-6-5-1

12. Ning esor iki sing dudu anake Raden Gagak Singalodra yaiku....?
A. Raden Wangsa Negara 
B. Raden Wiralodra 
C. Pangeran Guru
D. Raden Tanujiwa

13. Imbuhan sing diseselaken ning tengahing tembung iku diarani apa....?
A. Seselan 
B. Ater-ater 
C. Panambang
D. akhiran

14. Ning esor iki contoh saking seselan um/m yaiku....
A. Ani lagi kumaruk
B. Ani lagi ndodok 
C. Ani lagi ngantuk
D. Ani lagi nggaruk

15. Titenana tembung ning esor iki !
1. Gumede
2. Galunggung
3. Kuminter
4. Kukuruyuk
Tembung – tembung ning duwur iku sing manjing contoh seselan um/m yaiku....?
A. 1-3 
B. 2-4 
C. 1-2
D. 3-4

Wacana : Sejarah Wayang
 Tembung wayang asale sing basa jawa yaiku wewayangan artine ayang – ayangan 
utawa bahasa indonesia “bayangan”. Kenangapa disebut wayang utawa wewayangan, 
sebab jaman bengen baka ndeleng wayang, sing nongtone ning guri kelir. Dalang sing mainaken wayange dipadangi bari lampu sing arane “dalung” utawa “blencong” yaiku damar sing nggunakaken lenga lan diupai deles mengkone disuled dadi murub iku sing dadi penerangane, mulane nimbulaken ayang – ayangan sebab nggunakaken lampu lenga baka kenang angin wewayangane dadi katon urip.

16. Damar sing nggunakaken lenga lan diupai deles mengkone disuled dadi murub iku sing dadi penerangane, iku diarani apa....?
A. Wayang
B. Bayangan
C. Dalung
D. Kelir

17. Wonten pinten jenise wayang....?
A. 10
B. 11
C. 12
D. 13

18. Ning crita baratayudha iku ana pandawa lan kurawa, ning esor iki sala sijine pandawa yaiku....?
A. Arjuna
B. Duryudana 
C. Angkawijaya
D. Aswatama

19. Tulisan “ toponge ” baka ditulis nganggo aksara carakan sing bener yaiku....?



20.  Tulisan iki 

munine 


A. Gawa sega 
B. Gawe peda 
C. Gawa peda
D. Gawe sega

21. Ukara sing tujuane nglarang/menggak yaiku pengertian saking ukara....?
A. Ukara pamenging 
B. Ukara crita 
C. Ukara pitakon
D. Ukara sambawa

22. Ukara sing njelasaken rasa ngarep – ngarep yaiku pengertian saking ukara....?
A. Ukara pamenging 
B. Ukara crita 
C. Ukara crita
D. Ukara pitakon

23. Ning esor iki ukara sing kepanjing ukara pamenging yaiku....?
A. Nang sira arep mendi ?
B. Bal – balane aja ning kene
C. Udana sing deres ambir adem jagate
D. Mau esuk kita ndeleng wong keselek

24. Ning esor iki ukara sing kepanjing ukara sambawa yaiku....?
1. Sampeyan mboten kenging milet kula
2. Kula saweg tumbas wos
3. Jawaha kadosipun jagat asrep
4. Baka balik aja bengi - bengi
Ukara ning duwur sing kepanjing ukara pamenging yaiku....?
A. Muga – muga adine kita lulus
B. Jare sapa pelem kien manis?
C. Baka balik aja bengi – bengi
D. Punten tukuaken sega ning warteg

25. Titenana ukara ning esor iki !
1. Sampeyan mboten kenging milet kula
2. Kula saweg tumbas wos
3. Jawaha kadosipun jagat asrep
4. Baka balik aja bengi - bengi
Ukara ning duwur sing kepanjing ukara pamenging yaiku....?
A. 1-2
B. 3-4 
C. 1-4
D. 2-3

26. Tulisan iki 

munine?


A. Lengane
B. Regane
C. Renahe
D. lemahe

27. Tulisan

iku masih salah, sing benere yaiku ? 





28. Aksara sing bener kanggo RE lan LE yaiku....?






29. Puisi jawa modern utawa puisi bebas iku diarani pada karo....?
A. Parikan
B. Guritan
C. Jawokan
D. Wangsalan

30. Tembung parikan baka ning Bahasa Indonesia ne yaiku....?
A. Puisi
B. Tebak – tebakan
C. Mantra
D. Pantun

31. “abang – abang, kembang temu”
“tiwas ngadang, bli ketemu”
Contoh parikan ning duwur kepanjing ning jenis parikan apa....?
A. Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
B. Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2
C. Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2
D. Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2

32. “ngasah arit, kudu landep”
“dadi murid, kudu sregep”
Parikan ning duwur iku nduweni arti....?
A. Dadi murid kudu rajin belajar
B. Dadi murid bli kudu rajin belajar
C. Dadi murid kudu pinter
D. Dadi murid bli kudu pinter

33. Ning guritan iku anan unsur – unsure, yaiku unsur fisik, sala sijine yaiku diksi kang artine....?
A. Pengungkapan perasaan sing maca puisi
B. Ukara utawa bahasa sing bisa narik perhatian
C. Tembung sing gawe seneng ning sing maca lan nongton
D. Nyimak lan ngupai tekanan basa(intonasi) ning pengucapan sing pas ning tembung

34. Contoh guritan sing judule “urip sejatine wis tekaning pucuke jagat”, iku sing ngarang sapa....?
A. Dasma adiwijaya 
B. Ruhendi
C. Saptaguna
D. Dadang

35. “Ani lan Ana lagi mangan ning guri umah”
Ukara ning duwur baka disalin nganggo basa krama dadi....?
A. Ani sareng ana lagi dahar teng wingking griya
B. Ani sareng ana saweg dahar teng wingking griya
C. Ani sareng ana lagi dahar teng wingking umah
D. Ani sareng ana saweg dahar teng guri griya

36. “Rama ngengken adi siram, sampun sonten”.
Ukara ning duwur baka disalin meng basa ngoko dadi....?
A. Bapa ngomong ning adi adus, wis sore
B. Bapa ngongkon ning adi adus, wis sore
C. Bapa ngongkon adi adus, wis sore
D. Bapa ngomong adi kon adus, wis sore

37. “ Ibu ..... uwos sareng gendis teng peken”
Ukara sing kurang lengkap ning duwur iku, lamon dilengkapi nganggo tembung apa....?
A. Tuku
B. Tumbas 
C. Saweg
D. Lagi

38. Titenana tembung – tembung ning esor iki !
1. Mberseni
2. Siswa
3. Lan
4. Suket
5. Guru
6. Kebon
7. Ning 
8. Lagi
Susunen tembung – tembung ning duwur supaya dadi ukara sing bener....?
A. 5-3-2-1-4-7-6-8 
B. 5-3-2-8-1-4-7-6 
C. 2-3-5-6-4-8-1-7
D. 2-4-6-8-7-3-1-5

39. “gawa senter, liwat kali kajar”
“pengen pinter, bli gelem belajar”
Conto parikan ning duwur kepanjing ning parikan....?
A. Parikan (4 wanda + 4 wanda)x2
B. Parikan (4 wanda + 6 wanda)x2
C. Parikan (4 wanda + 8 wanda)x2
D. Parikan (8 wanda + 8 wanda)x2

40. Titenana tembung – tembung parikan ning esor iki !
1. Bocah garang
2. Jatibarang
3. Bli duwe duit
4. Jatisawit 
Parikan sing acak ning duwur iku bener ana....?
A. 1-2-3-4 
B. 2-3-1-4 
C. 2-4-1-3
D. 2-1-4-3

Uraian :
1. Apa isi wangsit sing ana ning wacana crita babad dermayu ning duwur ?
2. Sebutaken arane sapa bae sing ana ning pandawa lima ?
3. Tulisan iki munine....? 




4. bapa, gawa, balik, muga-muga, boneka Susunen ukara sing acak iku dadi ukara sing bener !
5. Sebutaken unsur – unsur guritan 

Bagi Anda yang membutuhkan Soal PAT Bahasa Indramayu Kelas 7 Tahun Pelajaran 2020/2021 silakan download disini 

Kunci Jawaban Soal PAT Bahasa Indramayu Kelas 7 Tahun Pelajaran 2020/2021 silakan download disini  

Kisi-kisi Soal PAT Bahasa Indramayu Kelas 7 Tahun Pelajaran 2020/2021 silakan download disini   


Courtesy :
Tim Pembuat Soal PAT MGMP Bahasa Indramayu SMP Kabupaten Indramayu 

Soal dan Jawaban PAT Bahasa Indramayu Kelas 7 Tahun Pelajaran 2020/2021
4/ 5
Oleh
Add Comments

Silakan berkomentar dengan menggunakan kata-kata yang baik dan sopan tanpa spam
EmoticonEmoticon