Jan 1, 2023

Soal PAS Bahasa Indramayu Kelas 9 Kurikulum 2013 Tahun Ajaran 2022/2023

Soal PAS Bahasa Indramayu Kelas 9 Kurikulum 2013 Tahun Ajaran 2022/2023



Soal PAS Bahasa Indramayu Kelas 9 SMP Kurikulum 2013 Tahun Ajaran 2022/2023 -  Soal Penilaian Akhir Semester (PAS) sangat berarti bagi bapak dan ibu guru untuk dijadikan referensi pada saat Penilaian Akhir Semester tahun depan.


Pada kesempatan ini kami akan berbagi soal, dan kunci jawaban PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 9 kurikulum 2013 Tahun Ajaran 2022/2023, serta dilengkapi dengan kisi-kisi penulisan soalnya.


Berikut Soal dan Kunci Jawaban Penilaian Akhir Semester PAS Bahasa Indramayu SMP Kelas 9 Kurikulum 2013 Tahun Ajaran 2022/2023 :


I. PILIHAN GANDA:

Wacana I:

DOLANAN BOCAH TRADISIONAL

Sing diarani dolanan bocah awit jaman bengen wis ana, kanggo ngumpule bocah-bocah ning latar, nglairaken macem-macem dolanan bocah. Dolanan bocah ana sing kegiatane dibarengi bari lagu-lagu utawa tetembangan, uga ana sing biasa bae ora karo nembang. Jaman bengen dolanan bocah iku dipraktekaken bareng-bareng bari batur-batur ning latar, umume ning waktu padang wulan. Dolanan bocah sing ditembangaken bareng-bareng nambah rameh swasane lan ditonton ning para wong tuwane. Dolanan bocah sing ora ditembangaken sifate umum, yaitu kegiatan olahraga bisa dewekan, pasangan utawa kelompok utawa rombongan.

Contoh dolanan bocah sing ditembangaken, yaiku :

1. Jamuran

Dolanan jamuran biasane ditindakaken ning bocah akeh, diawali sing hompimpah bareng- bareng, terus terakhir pingsut, sing kalah ngadeg ning tengah, sejene gawe kalangan/lingkaran bari gandengan tangan terus nyanyi bareng-bareng jamuran yo gegetok, jamur apa yo gegetok, jamur gajih mbejijih sa ara-ara, sira mbadeg jamur apa? Bocah-bocah pada ndeprok ning lemah, terus sing ning tengah nunjuk salah sijine bocah sing ndeprok lan dijawab jamur “barat”, krungu omongan jamur barat bocah-bocah bubar nggolati pasangane, baka ana bocah sing langka pasangane dihukum nembang.

2. Sedendeng Jae

Sedendeng jae ditindakaken bocah akeh sing sekitar 15-20 bocah, terus gawe kalangan, salah sijine bocah nyiapaken watu siji terus nembang bareng, watune dipindahaken searah jarum jam, sampe lagu pragat sing olih watu dipai hukuman.

3. Peci-peci turi

4. Ula-ula klabang

5. Sekentrungan

6. Cublek-cublek suweng

7. Salimpetan

8. Laince

Contoh dolanan bocah sing bli nganggo tembang, yaiku :

1. Kubuk

2. Bekel

3. Dakon

4. Engklek

5. Gobag Sodor

6. Egrang/Jangkungan

7. Glatikan

8. Kenekeran/Gundu

9. Patahan

 

1. Kenang apa sing akeh-akeh dolanan bocah ning jaman bengen ditindakaken ning wayah bengi/padang wulan ?

A. Baka esuk wong tua pada kerja

B. Baka awan panas

C. Jaman iku durung ana listrik

D. Baka awan langka sing ngawasi


2. Ning dolanan “Jamuran” lagu terakhir bocah-bocah kudu kepriben ?

A. Mlayu pada ngumpet

B. Mlayu beli kena kesenggol

C. Mlayu goleti pasangan

D. Mlayu ndodok ning tengah


3. Teng andap puniki conto dolanan lare (bocah)


(1) Sendang jae

(2) Congklak

(3) Patahan

(4) Jamuran

(5) Cublek-cublek suweng

(6) Bekel

Ingkang kelebet (kepanjing) dolanan lare ingkang ditembangaken, inggih menika...

A. (2), (3), (6)

B. (1), (4), (5)

C. (1), (2), (3)

D. (4), (5), (6)


4. Dolanan sing nggunakaken tugelan gendeng/trengkal, tugelan gendeng sing ditumpuk sejumlah bocah sing melu dolanan, terus pingsut sing menang mbidik tumpukan gendeng, baka ana sing kena sing njaga cepet-cepet numpuk gendeng mau, sejene ngumpet, sing jaga nggoleti bocah sing ngumpet, baka sing jaga lenger sing ngumpet mlayu bari nendang. Dolanan bocah ning duwur diarani...

A. Kubuk

B. Engklek

C. Glatikan

D. Patahan


5. Dolanan egrang/jangkungan umume kanggo balapan, egrang uga bisa digunakena kanggo apa maning ?

A. Sirkus/arak-arakan

B. Kanggo nyengget pelem

C. Medeni bocah cilik

D. Oyok-oyokan ning kali


6. CUBLEK-CUBLEK SUWENG Cublek-cublek suweng Suwenge ting gelenten Mambu ketundung gudel Pa empo lere-lere

Sapa ngguyu ndelikake

Sir-sir pong kedele kopong Sir-sir pong kedele kopong

Makna tembang cublek-cublek suweng, yaiku...

A. Luru dunya (harta) sing akeh kanggo masa depan

B. Luru dunya (harta) nuruti hawa napsu

C. Kebahagiaan iku anane ning harta benda

D. Luru dunya (harta) miturut hati nurani sing bersih lan bakal gampang nemukaken kebahagiaan


7. (1) Pemuda Idaman, (2) Sunyaragi, (3) Angon Bebek, (4) Kinanthi, (5) Telaga Remis, (6) Mijil. Sing kepanjing ning tembang anyar, yaiku ...

A. (1), (2), (3)

B. (4), (5), (6)

C. (1), (3), (5)

D. (2), (4), (6)


8. Aran sebutan tembang tarling klasik dermayu lan sing cerbon, yaiku...

A. Melodi Kota Mangga, Melodi Kota Trasi

B. Melodi Kota Ayu, Melodi Kota Udang

C. Melodi Kota Pelem, Melodi Kota Minyak

D. Melodi Kota Pelem, Melodi Kota Bahari


9. Miturut maknane tembang sing nyritakaken lagi ana peperangan utawa nggambaraken watek/perasaan napsu, sewot, rasa pengen nantang, ngajak tukaran, lan rasa gregetan. Pernyataan teng inggil nggambaraken makna saking tembang...

A. Asmarandana

B. Gambuh

C. Pangkur

D. Durma


10. Tembang macapat yaiku salah sijine tembang sing keiket ning guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Sing diarani guru wilangan yaiku...

A. Ukara/kalimat sepada lingsa (koma) ning tembang

B. Cacahe/jumlahe wanda saben segatra

C. Dhongdhinge swara ning pungkasan/akhir gatra

D. Cacahe/jumlahe tembang saben segatra


Kanggo soal nomer 11 ngantos 12 Kembang sana mabuk mawur Kaserang ing kumbang dadi 

Jojowan mangsa wowohan

Deruk puter padha muni Perkutut ngungkang ning pilang Munine nggreges ning ati

11. Jumlah gatra tembang ning duwur, yaiku...

A. 6

B. 7

C. 8

D. 9


12. Guru wilangan lan guru lagu tembang teng inggil ingkang leres (bener), inggih menika...

A. 4 r, 4 i, 3 n, 4 i, 4 ng, 4 i

B. 4 u, 4 i, 4 a, 4 i, 4 a, 4 i

C. 21 r, 22 i, 20 n, 19 i, 27 ng, 21 i

D. 8 u, 8 i, 8 a, 8 i, 8 a, 8 i


13. Awit wau sampeyan dipuntimbali (diundang) bolak-balik boten jawab kados njangan gori. Wangsalan/jawaban wangsalan teng inggil inggih menika...

A. Pura-pura boten kepireng (budeg)

B. Pura-pura ndlongop

C. Pura-pura mrengut

D. Pura-pura nangis


14. Rampungaken waangsalan ning esor iki nganggo tembung sing pas ! Wong urip ning dunya iku ora kena tapi kudu usaha utawa ikhtiar

A. Godong pari

B. Ngembang jambu

C. Ngwijil sawo

D. Godong gedang enom


15. Rangkean kedadiyan utawa susunan peristiwa sing mbentuk kadadiyan cerita diarani...

A. Tema

B. Latar/setting

C. Alur lan plot

D. Amanat


16. Aduh...... kodikit.   kodikit kenang apa sampeyan nyokot gigire kita? Omonge kebo karo

gugup lan kesakitan. Kita tembe bae tetulung ning sira, kenang apa sira malah mbales blesak, nyokot punuke kita, bener tah mengkonon kuh ?

Jare kita sih bener, ari nulung aja setengah-setengah, kien weteng kita kempong pengen mangan, wis limang dina kita durung mangan, sira gelem ya bo tek pangan kita, sebab kita ora due tenaga.

Tapi sira kurang ajar, ora bisa mulang trima, ditulung malah mentung. Kudune ngucapaken kesuwun, malah gawe cilaka ning kang nulung, kuen ora adil.....


Amanah sing disampekaken ning penggalan cerita ning duwur, yaiku...

A. Dadi makhluk kudu nduweni sifat kasih sayang

B. Dadi makhluk kudu nduweni sifat mulang trima

C. Dadi makhluk kudu nduweni sifat pitulung ning sesama

D. Dadi makhluk kudu nduweni sifat adil


17. Umahe dipager wesi, duwure nglebihi aturan sing ditentokaken dinas perijinan lan tata kelola. Pager wesi iku dikunci terus, baka Raden Bagus balik, pembantu wadon sing wis tuwa buru-buru meng pager, baka krungu klakson mobil mercedez sing dawane hampir pada karo sirine mobil kebakaran. Moni klakson iku ora bae ngagetaken lamunan pembantu tuwa, nanging ganggu uga tangga-tanggane sing parek.

Priben watak Raden Bagus, tokoh sing ana ning penggalan cerita ning duwur ?

A. Sabar atine

B. Penyayang, peduli maring pembantune

C. Kejam lan ora due rasa perikemanusiaan

D. Egois, ora peduli lingkungan


18. Crita-crita sing nyeritakaken mistis kaya dene cerita Nyi Loro Kidul sing nguasai laut kidul utawa crita Pangeran Werdinata sing nguasai Pulo Mas. Crita sing kaya mengkonon kepanjing maring jenis drama apa ?

A. Drama misteri

B. Drama kepahlawanan

C. Drama cinta

D. Drama keagamaan


19. Penulisan pasangan apa bae baka olih sandhangan suku, cakra, keret lan pengkal, ning penulisan wujude berubah balik ning wujud asale, mung tempate angger ning sor ?

A. Ca, ra, ka

B. Ka, ta, la

C. Ba, tha, nga

D. Sa, wa, la


20. Sing diarani pasangan yaiku “setelan”, tujuane kanggo ngluwesaken mbantu penyusunane tembung lan ukara. Dadi tujuan penerapan pasangan ning aksara carakan kanggo aksara

A. Nyigeg utawa mateni

B. Mbedakaken antara angka lan aksara

C. Ngowahi (ngrubah) munine swara

D. Nulis sing asale tembung manca (asing)


21. Penulisan pasangan aksara “dha” ning sor iki sing bener yaiku...

22. Tulisan carakan sing diwacane “arep udan” sing bener yaiku...




23.


tulisan iki diwacane ?



A. Seni rendheng

B. Seni genthing

C. Weni genthing

D. Seni gendhing



24. Masih esuk, sira kuh mrengut bae, kenang apa?

Basa krama (bebasan) ukara ning duwur sing bener, yaiku...

A. Maksih sonten, sampeyan mrengut sanget, kening napa?

B. Taksih dalu, sampeyan mrengut mawon, sareng sinten?

C. Maksih siang, sampeyan mrengut mawon, sareng sinten?

D. Taksih Enjing, sampeyan mrengut mawon, kenging punapa?


25. Jaman wong tuwa kita bengen, sing arane dolanan bocah iku akeh pisan. Basa bebasane kanggo ukara ning duwur sing bener, yaiku...

A. Jaman tiyang sepuh kula sengen, ingkang naminipun dolanan lare puniku katah sanget

B. Jaman tiyang enem kula saniki, ingkang namine dolanan lare niku katah sanget

C. Jaman tiyang sepuh kula sengen, ingkang naminipun dolanan lare puniku sekedik sanget

D. Jaman tiyang enem kula saniki, saking naminipun dolanan lare puniku sekedik sanget


II. URAIAN

26. Durma

Dipun sami ambanting sariranira Cegah dahar lan guling

Derapon sudaa

Napsu kang ngambra ambra Marema ing tyasireki

Dadya sabarang Karya nira lestari


Udalen tembang durma ning duwur miturut guru gatra, guru wilangan lan guru lagu !


27. Tembang warung pojok iku nyritakaken crita sing kepriben ?


28. Tulisen nganggo aksara carakan “Kembang aren sumebar tepining kalen”


29. Saben dina kita mbantu wong tuwa ning umah, sawise balik sekolah. Ukara ning duwur salinen nganggo basa krama (bebasan) !


30. Gawenen wangsalan lamba nganggo tembung

a. Kembang aren

b. Wijil kluwih


Soal PAS Bahasa Indramayu Kelas 9 Kurikulum 2013 Tahun Ajaran 2022/2023
4/ 5
Oleh
Add Comments

Silakan berkomentar dengan menggunakan kata-kata yang baik dan sopan tanpa spam
EmoticonEmoticon